PAS GANJIL B. JAWA KELAS VII SMP ISLAM PARAMITHA
  • 1. Mbak Rani wingi lunga menyang Pekalongan arep tuku Batik.

    Yen nganggo basa ngoko alus, yaiku ….
A) Mbak Rani wingi tindhak menyang Pekalongan arep mundhut batik
B) Mbak Rani kalawingi kesah dhateng Pekalongan badhe mundhut batik
C) Mbak Rani kalawingi tindhak dhateng Pekalongan badhe mundhut batik
D) Mbak Rani wingi kesah datheng Pekalongan arep mundhut batik
  • 2. Gunung Arjuna yen didheleng saka kutha Malang mligine tlatah Singosari katon ijo royo royo, ing lembah utawa kaki gunung kaya kaya astane satria kang gagah prakosa njaga alam ing sakiwa tengene.
    Miturut tata rakite utawa jenise tembung, tembung “saka” kalebu tembung ancer ancer amarga tembung saka ….
A) Kanggo nyambung tembung didheleng karo Kutha Malang
B) Sesulihing Gunung Arjuna
C) Kanggo nerangake pangrasa ndheleng Gunung Arjuna
D) Nerangake kaendahan ing Gunung Arjuna
  • 3. Minangka salah sawijining papan wisata ing Jawa Wetan, dumunung ing kutha Blitar kalebu wisata budaya / cagar budaya. Manggon ana ing sangisore Gunung Kelud. Ing sakupenge tinemu reca (arca) peninggalan saka kerajaan Kediri.

    Wisata ing dhuwur nyritakake ….
A) Candi Penataran
B) Pesarean Bung Karno
C) Kampung Coklat
D) Pesisir Ngliyep
  • 4. Telaga Sarangan iku dununge ing sakulone kutha Magetan, kurang luwih 16 km saka kutha.

    Tembung kurang luwih yen karunut miturut macane nggunakake swara …
A) U jejeg, A jejeg, U jejeg, I miring
B) U miring, A jejeg, U jejeg, I miring
C) U jejeg, A miring, U jejeg, I jejeg
D) U miring, A miring, U jejeg, I jejeg
  • 5. Mbah Sastra duwe pekarangan kang amba banget, dhewekke seneng ngingu kewan, akeh maneka warna kewan kang ana ing pekarangan lan kolam, kayata : sapi, kebo, pitik, kelinci, bebek, menthog, lan , welut.

    Manut teks ing dhuwur tembung kang nganggo swara miring yaiku ….
A) Kebo
B) Kelinci
C) Welut
D) Sapi
  • 6. Sawise lulus saka STOVIA, Dr Soetomo banjur nerusake perjuwangane ing Kutha Surabaya. Liwat organisasi Budi Utomo. Dr. Soetomo uga ngedegake organisasi putri Mardika, yaiku sawijine organisasi kewanitaan kang nerbitake ariwarti Darma Kandha, sawijining surat kabar kang digunakake kanggo propaganda merjuwangake kamardikan.

    Teks kasebut ing dhuwur kalebu struktur bageyan ….
A) Idhentifikasi
B) Wasana
C) Pambuka
D) Surasa
  • 7. 1.Wekasan Riwayate
    2.Perjuwangan lan lelabuhan
    3.Riwayat Pakaryan
    4.Asal Usul tokoh
    5.Anugrah kang diterima

    Pranyatan nomer … lan … ing dhuwur kalebu isi panutup /wasana teks profil.
A) 2 lan 4
B) 1 lan 3
C) 1 lan 5
D) 2 lan 3
  • 8. Tokoh iki salah sawijining tokoh ing bal balan (sepak bola) kang ana ing Negara Indonesia dhewekke nalika dadi pemain bal-balan iku dadi kapten kang kasil gawa tim Indonesia dadi juwara ngrebutake piala AFF tahun 2013 Saka watake kang teges lan disiplin, mimpin kanca kancane dadi tim kang kuat lan bisa dibanggaake.

    Paraga utama crita ing dhuwur yaiku ….
A) Lionel Messi
B) Valentino Rossi
C) Evan Dimas
D) Antony Ginting
  • 9. Lelabuhanipun Bung Hatta kangge Negara Indonesia kathah sanget, piyambakipun aktif wonten organisasi kepemudaan, salah satunggaling perjuwangan saking Bung Hatta inggih menika dados wakiling bangsa Indonesia ana ing Perundingan yaiku Konferensi Meja Bundar kang dianakake ing negari Walanda kang isine nyuwun datheng negara ing donya lan negri Walanda kedaulatan Indonesia amargi bangsa Walanda iku melu ngatur pemerintahan Indonesia kamangka Indonesia wis mardika. Saliyane iku Bung Hatta uga gadhah jejuluk yaiku Bapak Koperasi Indonesia amarga kiprahipun kangge kesejahteraan lan kemakmuran masyarakat damel koperasi.

    Teks kasebut ing dhuwur kalebu struktur bageyan ….
A) Wasana
B) Surasa
C) Pambuka
D) Idhentifikasi
  • 10. 1.Wingi Dina nyilih buku ceritamu amarga dewekke seneng
    2.Potlote apa wis kokbalekake
    3.Payunge digawa bapak
    4.Amarga kowe bali dhisik dadi tasmu dakgawakna

    Tembung – tembung kang kawuwuhan ater-ater anuswara yaiku ….
A) Digawa
B) Nyilih
C) Dakgawakna
D) Kokbalekake
Jendral Sudirman
  • 11. Kang diarani pahlawan / tokoh iku minangka salah sawijining paraga kang bisa dadi patuladhan uga duweni gegayuhan marang nusa lan bangsa. Piyambakipun mimpin perang gerilya ing jaman penjajahan Walanda. Gambar ing ngisor iki tuladhane paraga kang melu nyengkuyung kanggo kamardikan Indonesia yaiku ….
A) Jendral Sudirman
B) Gajah Mada
C) Drs, Mohammad Hatta
D) B.J. Habibie
  • 12. Wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon!

    Bu Lastri priyantun saking Ngayogyakarta, piyambakipun remen marang budaya Jawi mligine wonten ing nembang, yen nembang swantenipun sae.

    Tembung “nembang” yen karunut pikantuk ….
A) Sisipan ( in )
B) Ater-ater ( N )
C) Ater-ater ( Ny )
D) Seselan ( N )
  • 13. Wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon!

    Bu Lastri priyantun saking Ngayogyakarta, piyambakipun remen marang budaya Jawi mligine wonten ing nembang, yen nembang swantenipun sae.

    Pakaryan (penggawean) Bu Lastri inggih menika ….
A) Niyaga
B) Dalang
C) Waranggana
D) Sinden
  • 14. Ing Tahun 2004 ing Negara Yunani dianakake pesta olahraga kang disengkuyung dening para atlit sadonya, ana salah sawijining paraga saka Negara Indonesia kang antuk juwara ing olahraga badminton yaiku Taufik Hidayat.

    Taufik Hidayat uga sinebut pahlawan amarga ….
A) Berjuwang ing pendhidhikan
B) Nyiptakake teknologi
C) Kasil gawa medali emas ing olimpiade
D) Berjuwang mbela kamardikan
  • 15. Kaprigelane nggunakake biola nuwuhake cipta lagu kayata Indonesia Raya, Di Timur Matahari lan sapanunggalane. Saka kuwi dheweke banjur diwenehi anugrah Pahlawan Nasional.

    Tembung “kaprigelane“ ing dhuwur nduweni teges ….
A) Irah-irahane
B) Sakbenere
C) Ketrampilane
D) Pakaryane
  • 16. Sanajan Punakawan (Semar, Gareng, Petrok lan Bagong iku dadi batur lan drajate mung cendhek, nanging disenengi dening para satriya sing duwe tindak laku utama. Kabeh iku kagawa saka tindak tanduk lan pakarti sing ditindakake. Punakawan sing jujur, prasaja lan ora neka-neka.

    Crita wayang ing dhuwur nuduhake unsur ....
A) Pesen/amanat
B) Latar
C) Watak tokoh
D) Tokoh
  • 17. KARNA TANDHING

    Perang Bharatayuda tambah dina ora mendha, ananging tansaya sengit lan nggegirisi. Layone prajurit wor suh karo kunarpane para pangeran lan raja wadyabala Kurawa lan Pandhawa. Ana sing bisa dirukti, disuceni lan disampurnakake, nanging isih luwih akeh sing ora karukti. Ambune anyir ludirane para prajurit campur bangere bathang kewan tunggangane.

    Perang Bharatayuda yaiku perang antarane ....
A) Kurawa lan Karna
B) Bharata lan Yuda
C) Pandhawa lan Karna
D) Pandhawa lan Kurawa
  • 18. Wacanen dialog ing ngisor iki!

    Anak : “Assalamualaikum”
    Ibu : “Waalaikumsalam, piye kabarmu, Nak?”
    Anak : “Alhamdulillah, kabar sae, Bu.”
    Ibu : “Sliramu apa wis mangan, Nak?”
    Anak : “...”

    Manut unggah-ungguhe, ukara sing bener kanggo mangsuli pitakone Ibu yaiku ....
A) Wis, Bu, mau isuk aku wis mangan.
B) Wis, Bu, wau enjing kula wis nedha.
C) Sampun, Bu, kalawau enjing kula sampun dhahar.
D) Sampun Bu, kalawau enjing kula sampun nedha.
  • 19. Wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon!

    Ninggal Arjuna sing atetawang tangis sinambi mbopong kunarpana Sang Adipati Karna tumuju pakuwone Pandawa. Kunarpane Adipati Karno karukti dening para kadang Pandawa kairing donga puji. Iku minangka bukti yen tali paseduluran apa maneh tunggal bapak lan ibu ora bakal bisa kapisah lan pedhot kerana urusan donya.

    Teks narasi ing nduwur kalebu struktur .…
A) Reorientasi
B) Resolusi
C) Koda/amanat
D) Klimaks
  • 20. Wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon!

    Ninggal Arjuna sing atetawang tangis sinambi mbopong kunarpana Sang Adipati Karna tumuju pakuwone Pandawa. Kunarpane Adipati Karno karukti dening para kadang Pandawa kairing donga puji. Iku minangka bukti yen tali paseduluran apa maneh tunggal bapak lan ibu ora bakal bisa kapisah lan pedhot kerana urusan donya.

    Dudutan/kesimpulan sing bisa dijupuk saka paragraf ing nduwur njelasake nilai .…
A) Budi pekerti
B) Sopan santun
C) Unggah-ungguh
D) Tata krama
  • 21. 1.Orientasi
    2.Resolusi
    3.Komplikasi
    4.Klimaks
    5.Reorientasi
    6.Koda/ amanat

    Urutan struktur teks narasi ing ndhuwur kang baku yaiku ….
A) 1 – 3– 2 – 4 – 5 - 6
B) 2 – 6 – 4 – 1 – 5 - 3
C) 1 – 3 – 4 – 2 – 5 – 6
D) 3 – 4 – 1 – 5 – 6 - 4
  • 22. “Ing sakjabane padhepokan Arga Sekar isih repet-repet, angin esuk krasa seger banget, Resi Suwandagni wis katon lenggah sila ing pendhapa cecawis ubarampene sesembahan, mapag sumoroting sang bagaskara ing sisih wetan direwangi putrane Bambang Sumantri banjur diterusake sembah puja konjuk Sang Hyang Widhi, lumantar Dewa Surya ing sanggar pamujan..……”

    Paragraf ing dhuwur yen dideleng saka struktur teks narasi kalebu bagean ....
A) Resolusi
B) Orientasi
C) Klimaks
D) Komplikasi
  • 23. ”Menawi makaten Kakang Adipati Karna, monggo enggal karampungaken jejibahan punika.” Arjuna atur sembah lan sumadiya nyengklak kreta perang, semono uga Adipati Karna.

    Miturut struktur teks narasi, paragraf ing dhuwur kalebu bagean ....
A) Orientasi
B) Resolusi
C) Komplikasi
D) Koda/amanat
  • 24. Resi Suwandagni wis katon lenggah sila ing pendhapa cecawis (dicepaki) ubarampene (kelengkapan) sesembahan, mapag sumoroting sang bagaskara ing sisih wetan.

    Tembung sang bagaskara tegese ....
A) Bumi
B) Srengenge
C) Rembulan
D) Lintang
  • 25. Para pahlawan rela ngorbanake jiwa raga kanggo bangsa lan negara Indonesia.

    Tembung jiwa raga kalebu jinise tembung ....
A) Garba
B) Entar
C) Dasanama
D) Saroja
  • 26. Pantai Pelang endahe pancen kondhang
    Pantai Prigi bisa andudut ati

    Tembung andudut ati kalebu tembung ….
A) Tembung saroja
B) Purwakanthi
C) Tembung dasanama
D) Tembung entar
  • 27. Pak Kardi pingget atine jalaran wis diapusi putrane dhewe.

    Tembung pingget atine tegese ....
A) Lara atine
B) Jengkel
C) Sabar
D) Nangis
  • 28. Crita wayang kulit lan wayang wong pada, mung beda paragane/ tokoh. Lakone jupuk saka kitab Mahabarata utawa Ramayana. Salah sawijine paraga (tokoh) yaiku Pandhawa

    Kang diarani panengahe Pandhawa yaiku ....
A) Bima
B) Sengkuni
C) Duryadana
D) Arjuna
  • 29. Tembung kang gunane kanggo ngurmati wong sing diajak omong-omongan, yaiku:
    1. Wong sing durung kenal
    2. Wong enom marang wong tuwa
    3. Wong sing luwih dhuwur drajat lan pangkate

    Manut unggah-ungguh basane katrangan ing nduwur kalebu basa ...
A) Ngoko alus
B) Krama alus
C) Ngoko lugu
D) Krama lugu
  • 30. Tembang ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon!

    YEN ING TAWANG ANA LINTANG

    (Pangripta: Anjar Any)
    Yen ing tawang ana lintang, cah ayu
    Aku ngenteni tekamu
    Marang mega ing angkasa, nimas
    Sun takokne pawartamu
    Janji-janji aku eling, cah ayu
    Sumedhot rasane ati
    Lintang-lintang ngiwi-ngiwi, nimas
    Tresnaku sundhul wiyati

    Reff: Dhek semana janjimu disekseni
    Mega kartika kairing rasa tresna asih
    Yen ing tawang ana lintang cah ayu
    Rungokna tangising ati
    Binarung swarane ratri, nimas
    Ngenteni mbulan ndhadhari

    Cakepan tembang kreasi ing dhuwur awujud ….
A) Tembang dolanan
B) Tembang macapat
C) Langgam
D) Panembrama
  • 31. Tembang ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon!

    YEN ING TAWANG ANA LINTANG

    (Pangripta: Anjar Any)
    Yen ing tawang ana lintang, cah ayu
    Aku ngenteni tekamu
    Marang mega ing angkasa, nimas
    Sun takokne pawartamu
    Janji-janji aku eling, cah ayu
    Sumedhot rasane ati
    Lintang-lintang ngiwi-ngiwi, nimas
    Tresnaku sundhul wiyati

    Reff: Dhek semana janjimu disekseni
    Mega kartika kairing rasa tresna asih
    Yen ing tawang ana lintang cah ayu
    Rungokna tangising ati
    Binarung swarane ratri, nimas
    Ngenteni mbulan ndhadhari

    Temane cakepan tembang ing dhuwur yaiku ....
A) Kaendahan
B) Katresnan
C) Perjuangan
D) Pendidikan
  • 32. Tembang ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon!

    YEN ING TAWANG ANA LINTANG

    (Pangripta: Anjar Any)
    Yen ing tawang ana lintang, cah ayu
    Aku ngenteni tekamu
    Marang mega ing angkasa, nimas
    Sun takokne pawartamu
    Janji-janji aku eling, cah ayu
    Sumedhot rasane ati
    Lintang-lintang ngiwi-ngiwi, nimas
    Tresnaku sundhul wiyati

    Reff: Dhek semana janjimu disekseni
    Mega kartika kairing rasa tresna asih
    Yen ing tawang ana lintang cah ayu
    Rungokna tangising ati
    Binarung swarane ratri, nimas
    Ngenteni mbulan ndhadhari

    Tembung ‟lintang‟ saka pethikan cakepan tembang ing dhuwur dasanamane ....
A) Awang-awang
B) Panggonan
C) Rembulan
D) Kartika
  • 33. Tembang ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon!

    YEN ING TAWANG ANA LINTANG

    (Pangripta: Anjar Any)
    Yen ing tawang ana lintang, cah ayu
    Aku ngenteni tekamu
    Marang mega ing angkasa, nimas
    Sun takokne pawartamu
    Janji-janji aku eling, cah ayu
    Sumedhot rasane ati
    Lintang-lintang ngiwi-ngiwi, nimas
    Tresnaku sundhul wiyati

    Reff: Dhek semana janjimu disekseni
    Mega kartika kairing rasa tresna asih
    Yen ing tawang ana lintang cah ayu
    Rungokna tangising ati
    Binarung swarane ratri, nimas
    Ngenteni mbulan ndhadhari

    Tembang ing dhuwur migunakake purwakanthi guru swara. Ukara kang nuduhake purwakanthi guru swara, yaiku ….
A) Janji-janji aku eling, cah ayu
B) Rungokna tangisan ati
C) Yen ing tawang ana lintang
D) Dhek semana janjimu disekseni
  • 34. Yo para kanca dolanan ing njaba
    Padhang mbulan padhange kaya rina
    Rembulane kang awe-awe
    Ngelingake aja turu sore

    Tembung “rembulan” tegese ....
A) Panggonan
B) Candra
C) Kartika
D) Awang-awang
  • 35. Lungguh dhingklik, dhingklike wong cilik-cilik.

    Tembung ing ndhuwur kalebu purwakanthi ….
A) Guru swara
B) Guru sastra
C) Guru basa
D) Guru lagu
  • 36. Tindak-tanduk lan tutur kang kalantur, tamtu katula-tula katali, bakal kacatur, katutuh, kapatuh, pan dadi awon.

    Rakitaning tetembungan ing nduwur diarani ….
A) Purwakanthi guru swara
B) Purwakanthi guru sastra
C) Purwakanthi lumaksita
D) Purwakanthi guru lagu
  • 37. Semaken irah-irahan/judul tembang ngisor iki!
    1.Cidra
    2.Caping Gunung
    3.Suwe Ora Jamu
    4.Stasiun Balapan
    5.Cublek-cublek Suweng
    6.Gundhul-gundhul Pacul
    7.Yen ing tawang ana lintang

    Tembang ing nduwur kang kalebu tembang dolanan yaiku ....
A) Cublak-cublak suweng, gundhul-gundhul pacul
B) Yen ing tawang ana lintang, cublak-cublak suweng
C) Cidra, suwe ora jamu
D) Stasiun balapan, caping gunung
  • 38. Semaken ukara ngisor iki!
    1.Tatune methunthung mentheng-mentheng.
    2.Anggonmu golek rejeki aja brangasan, sing penting sluman, slumun, slamet.
    3.Bagas iku pancene ndablek ditimbali ibune inggah-inggih nanging ora kepanggih.
    4.Jaman saiki golek jodho ora bisa ngawor, kudu didheleng babat, bibit, bobot, bebete.

    Ukara nomer … lan ... migunakake purwakanthi guru sastra.
A) 4 lan 2
B) 3 lan 1
C) 2 lan 3
D) 1 lan 4
  • 39. Gamelan sing diunekna bareng-bareng kanthi cara sing bener bakal ndadekna suara kang enak dirungakno. Gamelan nduweni ... titi laras.
A) 2 macem
B) 1 macem
C) 4 macem
D) 3 macem
  • 40. Wacanen pacelathon/ dialog ing ngisor iki!
    Irma
    : “ Ran, sesuk apa sida ulangan Basa Jawa?”
    Rani
    : “ Sida Ir, apa kowe ora ngerti?”
    Irma
    : “ Ora, jalaran aku pertemuan minggu kepungkur ora mlebu sekolah amarga lara.”
    Rani
    : “ Yen ngono mengko sore sinau bareng bae ya Ir, ning omahmu.”
    Irma
    : “ Ya, kebeneran aku mengko tak ngajak Sinta.”
    Rani
    : “ Ya tak enteni tekamu, kae bel sekolah wis muni, ayo ndang mlebu kelas .”

    Pacelaton/dialog ing nduwur migunakake ragam basa ….
A) Ngoko lugu
B) Krama lugu
C) Krama alus
D) Krama inggil
  • 41. Sebutna struktur teks narasi!
  • 42. Sebutna struktur teks profil!
  • 43. Ubahen ukara ing ngisor iki dadi basa krama inggil (krama alus)!
    a. Bapak budhal menyang Suroboyo numpak sepur.

    b. Pakdhe moco majalah Penjebar Semangat karo ngombe kopi.

    c. Omahe Pak RT dirampok maling wingi bengi.
  • 44. Marang sopo wae unggah-ungguh basa krama inggil (krama alus) digunakake?
  • 45. Sebutna opo wae kang kalebu tembang dolanan!
Siswa yang mengerjakan tes ini juga mengerjakan :

Dibuat dengan That Quiz — situs tes matematika untuk siswa dari semua tingkat kelas.