- 1. PILIHAN GANDA
Dolan ing Pasar Caplek Nalika dina Setu aku lan kancaku janjian. Sesuk Minggu aku ngajak kancaku dolan menyang Pasar Caplek. Pasar Caplek mapan ana ing Kecamatan Majenang, Kabupaten Cilacap. Bali sekolah, aku wes mestekake yen sesuk aja lali karo janjine. Kanthi ati bungah aku bali ngomah. Satekane ngomah aku kandha karo simbokku yen sesuk aku njaluk digugah gasik supaya ora telat. “Mbok, ngenjang kula nyuwun digugah gasik nggih mbok, kula enten janjian kalih kancane”, kandhaku. “Loh, sesuk dina Minggu ndhuk, apa ya ameh ana kegiyatan sekolah, kok ya kadingaren dina Minggu njaluk digugah gasik?” “Mboten mbok, ngenjang kula janjian kalih kanca badhe dolan teng Pasar Caplek, kepengin tumbas jajanan pasar, sampun dangu kula kepengin lupis, mumpung ngenjang sami pasaran”. “Oh ngono, ya wes sesuk nek digugah aja angel tangine. Simbok direwangi sik anggone reresik omah, bare kono nek kepengin dolan”. “Nggih mbok, matur nuwun”. Gantine dina, jam lima esuk simbokku nggugah supaya aku enggal ngibadah lan ngrewangi reresik omah, kaya janjiku wingi. Aku ngibadah, ngrewangi ngasahi grabah, nyapu njero lan latar omah. Kabeh wes tak resiki, banjur aku adus supaya menawa kancaku teka aku wes siap. Pas karo peritunganku. Nalika aku wes siap ora suwi, keprungu swarane kancaku, Lia ngundang jenengku. Aku banjur metu. Aku lan Lia banjur pamit marang simbok. “Mbok, kula budhal riyin nggih, niki mpun diampiri kancane”. Sawise simbok paring ijin, aku enggal mangkat. Satekane papan panggonan, ing Pasar Caplek wes katon regeng. Akeh bakul kang wes nata dagangan. Ana kang adol janganan, prabotan, sandhangan, lan sapiturute. Ananging dudu kuwi sing tak tuju. Aku muter pasar. Nalikane mlaku, akeh banget jajanan pasar kang tumata tinimbang dagangan kang wus kasebut mau. Amarga Pasar Caplek iku kawentar “swargane panganan”. Tuwa nom, lanang wadon padha mloka-mlaku golek kaperluane dhewe-dhewe. Lakuku tumuju marang bakul lupis. Kaya kepenginanku wingi. Sakliyane lupis aku lan Lia uga jajan maneka werna.Sabare marem anggonku jajan, aku banjur bali. Rasa bungah neng atiku, amarga apa kang dakpenginake bisa katurutan. Senajan kaya mangkene aku wes cukup oleh hiburan. Dolan ing pasar tradhisional, saliyane kanggo hiburan uga bisa nguri-nguri menawa pasar tradhisional uga tasih diminati lan perlu dilestarekake ana ing masarakat. Aja nganti ilang, kageser pasar modheren lan papan panggonan liyane.
Yen kedadeyan ing crita kasebut diurutake manut lakune pengalaman_ urutan sing paling trep yaiku ....
A) janjian karo Lia – budhal menyang pasar – ngrewangi simbok – tuku lupis – bali B) teka ing pasar – njaluk ijin simbok – ngresiki omah – tuku lupis – bali C) janjian karo kanca – ngrewangi simbok – budhal karo Lia – tuku jajanan – bali D) njaluk digugah – teka ing pasar – janjian karo Lia – ngresiki omah – bali
- 2. PILIHAN GANDA
Dolan ing Pasar Caplek Nalika dina Setu aku lan kancaku janjian. Sesuk Minggu aku ngajak kancaku dolan menyang Pasar Caplek. Pasar Caplek mapan ana ing Kecamatan Majenang, Kabupaten Cilacap. Bali sekolah, aku wes mestekake yen sesuk aja lali karo janjine. Kanthi ati bungah aku bali ngomah. Satekane ngomah aku kandha karo simbokku yen sesuk aku njaluk digugah gasik supaya ora telat. “Mbok, ngenjang kula nyuwun digugah gasik nggih mbok, kula enten janjian kalih kancane”, kandhaku. “Loh, sesuk dina Minggu ndhuk, apa ya ameh ana kegiyatan sekolah, kok ya kadingaren dina Minggu njaluk digugah gasik?” “Mboten mbok, ngenjang kula janjian kalih kanca badhe dolan teng Pasar Caplek, kepengin tumbas jajanan pasar, sampun dangu kula kepengin lupis, mumpung ngenjang sami pasaran”. “Oh ngono, ya wes sesuk nek digugah aja angel tangine. Simbok direwangi sik anggone reresik omah, bare kono nek kepengin dolan”. “Nggih mbok, matur nuwun”. Gantine dina, jam lima esuk simbokku nggugah supaya aku enggal ngibadah lan ngrewangi reresik omah, kaya janjiku wingi. Aku ngibadah, ngrewangi ngasahi grabah, nyapu njero lan latar omah. Kabeh wes tak resiki, banjur aku adus supaya menawa kancaku teka aku wes siap. Pas karo peritunganku. Nalika aku wes siap ora suwi, keprungu swarane kancaku, Lia ngundang jenengku. Aku banjur metu. Aku lan Lia banjur pamit marang simbok. “Mbok, kula budhal riyin nggih, niki mpun diampiri kancane”. Sawise simbok paring ijin, aku enggal mangkat. Satekane papan panggonan, ing Pasar Caplek wes katon regeng. Akeh bakul kang wes nata dagangan. Ana kang adol janganan, prabotan, sandhangan, lan sapiturute. Ananging dudu kuwi sing tak tuju. Aku muter pasar. Nalikane mlaku, akeh banget jajanan pasar kang tumata tinimbang dagangan kang wus kasebut mau. Amarga Pasar Caplek iku kawentar “swargane panganan”. Tuwa nom, lanang wadon padha mloka-mlaku golek kaperluane dhewe-dhewe. Lakuku tumuju marang bakul lupis. Kaya kepenginanku wingi. Sakliyane lupis aku lan Lia uga jajan maneka werna.Sabare marem anggonku jajan, aku banjur bali. Rasa bungah neng atiku, amarga apa kang dakpenginake bisa katurutan. Senajan kaya mangkene aku wes cukup oleh hiburan. Dolan ing pasar tradhisional, saliyane kanggo hiburan uga bisa nguri-nguri menawa pasar tradhisional uga tasih diminati lan perlu dilestarekake ana ing masarakat. Aja nganti ilang, kageser pasar modheren lan papan panggonan liyane.
Saka sakabehing kedadeyan, tema sing paling nggambarake lelandhesan crita kasebut yaiku ....
A) pengalaman dolan karo kanca sing menehi rasa bungah lan ngenalake pasar tradhisional B) usaha bocah kanggo ngrampungake kabeh pakaryan omah sadurunge dina Minggu C) kekarepan tuku panganan tradhisional sing wis suwe disenengi dening paraga D) kahanan pasar sing rame amarga akeh pedagang lan panuku nalika pasaran
- 3. PILIHAN GANDA
Pengalaman ing Telaga Sarangan Telaga Sarangan utawa Telaga Pasir manggon ing ereng-erenge Gunung Lawu, Magetan. Panggonane ana ing ketinggian udakara 1.200 mdpl kanthi suhu 15–20 derajat Celsius. Telaga iki cedhak karo Kabupaten Karanganyar, Jawa Tengah, lan adohe kira-kira 16 km saka Magetan Kota. Kahanan ing sekitar telaga ndadekake papan kasebut katon nyenengake kanggo wong sing kepengin plesiran. Ing sakupenge telaga ana maneka kegiatan wisata, kayata numpak speedboat, becak air, nunggang jaran, lan nyoba kuliner khas. Sate kelinci lan emping mlinjo kalebu panganan sing gampang ditemokake. Ana uga toko sing adol oleh-oleh saka anyaman pring lan kulit. Yen wisatawan kepengin nerusake perjalanan, saka Sarangan bisa munggah menyang wilayah Tawangmangu sing uga nduweni maneka papan wisata. Ana sawijining tradhisi sing dianakake saben Jumat Pon ing wulan Ruwah, yaiku Larung Tumpeng Sesaji. Tradhisi iki gegayutan karo kapitayan masyarakat marang Kyai Pasir lan Nyai Pasir lan uga minangka ungkapan rasa syukur marang Gusti Kang Maha Agung. Masyarakat uga nduweni pangajab supaya Telaga Sarangan tetep lestari lan warga tansah makmur. Akeh wisatawan sing teka menyang papan iki, lan kaendahane uga dadi inspirasi tumrap seniman kanggo nggawe lelagon ngenani Sarangan.
Adhedhasar katrangan kasebut, pasangan informasi sing nuduhake latar papan lan latar swasana kanthi trep yaiku ....
A) papan: Tawangmangu & swasana: masyarakat nindakake kegiatan saben dina B) papan: ereng-erenge Gunung Lawu & swasana: kebak kegiatan wisata C) papan: Magetan Kota & swasana: adoh saka papan wisata D) papan: pulo cilik & swasana: wisatawan tuku oleh-oleh
- 4. PILIHAN GANDA
Pengalaman ing Telaga Sarangan Telaga Sarangan utawa Telaga Pasir manggon ing ereng-erenge Gunung Lawu, Magetan. Panggonane ana ing ketinggian udakara 1.200 mdpl kanthi suhu 15–20 derajat Celsius. Telaga iki cedhak karo Kabupaten Karanganyar, Jawa Tengah, lan adohe kira-kira 16 km saka Magetan Kota. Kahanan ing sekitar telaga ndadekake papan kasebut katon nyenengake kanggo wong sing kepengin plesiran. Ing sakupenge telaga ana maneka kegiatan wisata, kayata numpak speedboat, becak air, nunggang jaran, lan nyoba kuliner khas. Sate kelinci lan emping mlinjo kalebu panganan sing gampang ditemokake. Ana uga toko sing adol oleh-oleh saka anyaman pring lan kulit. Yen wisatawan kepengin nerusake perjalanan, saka Sarangan bisa munggah menyang wilayah Tawangmangu sing uga nduweni maneka papan wisata. Ana sawijining tradhisi sing dianakake saben Jumat Pon ing wulan Ruwah, yaiku Larung Tumpeng Sesaji. Tradhisi iki gegayutan karo kapitayan masyarakat marang Kyai Pasir lan Nyai Pasir lan uga minangka ungkapan rasa syukur marang Gusti Kang Maha Agung. Masyarakat uga nduweni pangajab supaya Telaga Sarangan tetep lestari lan warga tansah makmur. Akeh wisatawan sing teka menyang papan iki, lan kaendahane uga dadi inspirasi tumrap seniman kanggo nggawe lelagon ngenani Sarangan.
Yen informasi babagan Telaga Sarangan digunakake minangka bahan kanggo nyritakake pengalaman pribadi, bagean endi sing paling mbutuhake tambahan sudut pandang pribadi supaya bisa dadi crita pengalaman?
A) data suhu lan ketinggian Telaga Sarangan B) informasi babagan lelagon sing digawe dening seniman C) pengalaman sing dirasakake nalika nindakake kegiatan ing Sarangan D) katrangan babagan jarak Sarangan saka Magetan Kota
- 5. PILIHAN GANDA
Rekayasa Uwuh Saben dina, uwuh mesthi diasilake saka kegiyatan saben dina ing omah lan lingkungan. Yen uwuh kasebut ora diopeni kanthi becik, tumpukan uwuh bisa dadi sumber penyakit lan ngrusak karesikan lingkungan. Mula, ana gagasan supaya masarakat ora mung mbuwang uwuh, nanging miwiti ngolah uwuh kanthi cara sing luwih migunani. Salah sawijining konsep sing bisa ditindakake yaiku Rekayasa Uwuh, yaiku ngolah lan ngemonah sampah kanthi teknologi modern lan kreatifitas supaya nduweni guna lan nilai ekonomi. Gagasan kasebut diwiwiti saka kebiasaan masarakat ing omah, yaiku milah uwuh organik lan anorganik. Uwuh organik kayata sisa panganan, janganan, lan godhong garing bisa diolah dadi kompos utawa pakan maggot Black Soldier Fly (BSF). Maggot kasebut sabanjure bisa dimanfaatake minangka pakan ternak. Kanthi cara iki, uwuh sing sadurunge dianggep minangka barang buangan bisa nduweni guna maneh.Uwuh anorganik kayata botol plastik, kresek, lan kaleng uga bisa dimanfaatake kanthi cara beda. Bahan kasebut bisa didaur ulang dadi kerajinan, diowah dadi ecobrick, utawa digunakake minangka bahan bakar alternatif. Yen kebiasaan milah lan ngolah uwuh ditindakake dening warga, lingkungan bisa luwih resik lan asri. Saliyane iku, asil olahan uwuh bisa nduweni nilai ekonomi lan menehi tambahan penghasilan tumrap kulawarga.
Gagasan utama apa sing arep ditegesake panulis liwat teks kasebut?
A) Teknologi modern dadi cara utama kanggo ngatasi kabeh perkara sing ana gandheng cenenge karo uwuh. B) Uwuh organik luwih migunani tinimbang uwuh anorganik amarga bisa dadi pakan ternak. C) Uwuh perlu diklumpukake ing sawijining panggonan supaya luwih gampang diangkut lan diresiki. D) Uwuh kudu dipilah lan diolah supaya nduweni guna, bisa njaga lingkungan, lan duweni nilai ekonomi.
- 6. PILIHAN GANDA
Rekayasa Uwuh Saben dina, uwuh mesthi diasilake saka kegiyatan saben dina ing omah lan lingkungan. Yen uwuh kasebut ora diopeni kanthi becik, tumpukan uwuh bisa dadi sumber penyakit lan ngrusak karesikan lingkungan. Mula, ana gagasan supaya masarakat ora mung mbuwang uwuh, nanging miwiti ngolah uwuh kanthi cara sing luwih migunani. Salah sawijining konsep sing bisa ditindakake yaiku Rekayasa Uwuh, yaiku ngolah lan ngemonah sampah kanthi teknologi modern lan kreatifitas supaya nduweni guna lan nilai ekonomi. Gagasan kasebut diwiwiti saka kebiasaan masarakat ing omah, yaiku milah uwuh organik lan anorganik. Uwuh organik kayata sisa panganan, janganan, lan godhong garing bisa diolah dadi kompos utawa pakan maggot Black Soldier Fly (BSF). Maggot kasebut sabanjure bisa dimanfaatake minangka pakan ternak. Kanthi cara iki, uwuh sing sadurunge dianggep minangka barang buangan bisa nduweni guna maneh.Uwuh anorganik kayata botol plastik, kresek, lan kaleng uga bisa dimanfaatake kanthi cara beda. Bahan kasebut bisa didaur ulang dadi kerajinan, diowah dadi ecobrick, utawa digunakake minangka bahan bakar alternatif. Yen kebiasaan milah lan ngolah uwuh ditindakake dening warga, lingkungan bisa luwih resik lan asri. Saliyane iku, asil olahan uwuh bisa nduweni nilai ekonomi lan menehi tambahan penghasilan tumrap kulawarga.
Miturut isi teks, pikiran panulis babagan owah-owahan cara masarakat anggone nyawang uwuh yaiku ....
A) Uwuh anorganik nduweni peran luwih gedhe amarga bisa diolah dadi macem-macem barang migunani. B) Uwuh wiwit dideleng minangka bahan sing bisa diolah maneh supaya nduweni guna lan nilai ekonomi. C) Uwuh luwih becik dipisahake amarga jinis-jinise nduweni fungsi sing padha nalika diolah. D) Uwuh saka omah nduweni manfaat utama nalika digunakake minangka bahan kanggo njaga karesikan lingkungan.
- 7. PILIHAN GANDA
Nalika nggawe kartu jeneng kanggo kegiatan kelas, Sinta kudu nulis jeneng Fani nganggo aksara Jawa. Dheweke ngerti yen swara F kudu nggunakake aksara rekan, dene swara vokal lan konsonan sabanjure kudu tetep ditulis miturut paugeran aksara Jawa.
Pilihan tulisan sing paling trep kanggo jeneng “Fani” yaiku ...
A) ꦥ꦳ꦤꦸ B) ꦥ꦳ꦤꦶ C) ꦥꦤꦶ D) ꦥ꦳ꦤꦺ
- 8. PILIHAN GANDA
Ing papan pengumuman kelas. panitia arep nulis jumlah peserta kegiatan yaiku 25 siswa. Angka kasebut kudu ditulis nganggo aksara wilangan supaya ora ketukar karo aksara biasa. Panitia uga kudu nggunakake tandha pangkat ing wiwitan lan pungkasan bilangan.
Tulisan angka 25 sing paling trep yaiku ...
A) ꧇꧕꧒꧇ B) ꧇꧒꧕ C) ꧇꧒꧕꧇ D) ꧒꧕꧇
- 9. PILIHAN GANDA
Ing majalah sekolah ana rubrik babagan tokoh inspiratif. Salah sawijining tembung sing digunakake yaiku “zaki”, sing diwiwiti swara Z. Nalika nyunting tulisan kasebut, editor kudu milih aksara rekan sing cocog karo swara Z, dudu aksara rekan kanggo swara liyane.
Tulisan “zaki” sing paling trep yaiku ...
A) ꦒ꦳ꦏꦶ B) ꦗ꦳ꦏꦶ C) ꦢ꦳ꦏꦶ D) ꦥ꦳ꦏꦶ
- 10. PILIHAN GANDA
Nalika mriksa poster kegiatan, guru nemokake papat rancangan tulisan kanggo informasi “Fani entuk 5 buku.” Saben rancangan wis nggunakake aksara Jawa, nanging ana sing salah nggunakake aksara dhasar kanggo swara F utawa salah nulis angka.
Rancangan endi sing paling cocog karo paugeran aksara rekan lan aksara wilangan?
A) ꦥ꦳ꦤꦶ ꦩꦼꦫꦶꦃ ꧇꧕꧇ ꦧꦸꦏꦸ꧉ B) ꦥꦤꦶ ꦩꦼꦫꦶꦃ ꧕ ꦧꦸꦏꦸ꧉ C) ꦥ꦳ꦤꦶ ꦩꦼꦫꦶꦃ ꧇꧕ ꦧꦸꦏꦸ꧉ D) ꦥ꦳ꦤꦶ ꦩꦼꦫꦶꦃ ꧕꧇ ꦧꦸꦏꦸ꧉
- 11. PILIHAN GANDA KOMPLEKS
Dolan ing Pasar Caplek Nalika dina Setu aku lan kancaku janjian. Sesuk Minggu aku ngajak kancaku dolan menyang Pasar Caplek. Pasar Caplek mapan ana ing Kecamatan Majenang, Kabupaten Cilacap. Bali sekolah, aku wes mestekake yen sesuk aja lali karo janjine. Kanthi ati bungah aku bali ngomah. Satekane ngomah aku kandha karo simbokku yen sesuk aku njaluk digugah gasik supaya ora telat. “Mbok, ngenjang kula nyuwun digugah gasik nggih mbok, kula enten janjian kalih kancane”, kandhaku. “Loh, sesuk dina Minggu ndhuk, apa ya ameh ana kegiyatan sekolah, kok ya kadingaren dina Minggu njaluk digugah gasik?” “Mboten mbok, ngenjang kula janjian kalih kanca badhe dolan teng Pasar Caplek, kepengin tumbas jajanan pasar, sampun dangu kula kepengin lupis, mumpung ngenjang sami pasaran”. “Oh ngono, ya wes sesuk nek digugah aja angel tangine. Simbok direwangi sik anggone reresik omah, bare kono nek kepengin dolan”. “Nggih mbok, matur nuwun”. Gantine dina, jam lima esuk simbokku nggugah supaya aku enggal ngibadah lan ngrewangi reresik omah, kaya janjiku wingi. Aku ngibadah, ngrewangi ngasahi grabah, nyapu njero lan latar omah. Kabeh wes tak resiki, banjur aku adus supaya menawa kancaku teka aku wes siap. Pas karo peritunganku. Nalika aku wes siap ora suwi, keprungu swarane kancaku, Lia ngundang jenengku. Aku banjur metu. Aku lan Lia banjur pamit marang simbok. “Mbok, kula budhal riyin nggih, niki mpun diampiri kancane”. Sawise simbok paring ijin, aku enggal mangkat. Satekane papan panggonan, ing Pasar Caplek wes katon regeng. Akeh bakul kang wes nata dagangan. Ana kang adol janganan, prabotan, sandhangan, lan sapiturute. Ananging dudu kuwi sing tak tuju. Aku muter pasar. Nalikane mlaku, akeh banget jajanan pasar kang tumata tinimbang dagangan kang wus kasebut mau. Amarga Pasar Caplek iku kawentar “swargane panganan”. Tuwa nom, lanang wadon padha mloka-mlaku golek kaperluane dhewe-dhewe. Lakuku tumuju marang bakul lupis. Kaya kepenginanku wingi. Sakliyane lupis aku lan Lia uga jajan maneka werna.Sabare marem anggonku jajan, aku banjur bali. Rasa bungah neng atiku, amarga apa kang dakpenginake bisa katurutan. Senajan kaya mangkene aku wes cukup oleh hiburan. Dolan ing pasar tradhisional, saliyane kanggo hiburan uga bisa nguri-nguri menawa pasar tradhisional uga tasih diminati lan perlu dilestarekake ana ing masarakat. Aja nganti ilang, kageser pasar modheren lan papan panggonan liyane.
Yen unsur latar saka crita kasebut dipilah, pilih 3 informasi sing kalebu latar wektu!
A) Kecamatan Majenang minangka panggonan Pasar Caplek B) Dina Setu nalika paraga lan kancane nggawe janjian C) Jam lima esuk nalika simbok nggugah paraga D) Dina Minggu nalika paraga lan Lia budhal menyang pasar
- 12. PILIHAN GANDA KOMPLEKS
Dolan ing Pasar Caplek Nalika dina Setu aku lan kancaku janjian. Sesuk Minggu aku ngajak kancaku dolan menyang Pasar Caplek. Pasar Caplek mapan ana ing Kecamatan Majenang, Kabupaten Cilacap. Bali sekolah, aku wes mestekake yen sesuk aja lali karo janjine. Kanthi ati bungah aku bali ngomah. Satekane ngomah aku kandha karo simbokku yen sesuk aku njaluk digugah gasik supaya ora telat. “Mbok, ngenjang kula nyuwun digugah gasik nggih mbok, kula enten janjian kalih kancane”, kandhaku. “Loh, sesuk dina Minggu ndhuk, apa ya ameh ana kegiyatan sekolah, kok ya kadingaren dina Minggu njaluk digugah gasik?” “Mboten mbok, ngenjang kula janjian kalih kanca badhe dolan teng Pasar Caplek, kepengin tumbas jajanan pasar, sampun dangu kula kepengin lupis, mumpung ngenjang sami pasaran”. “Oh ngono, ya wes sesuk nek digugah aja angel tangine. Simbok direwangi sik anggone reresik omah, bare kono nek kepengin dolan”. “Nggih mbok, matur nuwun”. Gantine dina, jam lima esuk simbokku nggugah supaya aku enggal ngibadah lan ngrewangi reresik omah, kaya janjiku wingi. Aku ngibadah, ngrewangi ngasahi grabah, nyapu njero lan latar omah. Kabeh wes tak resiki, banjur aku adus supaya menawa kancaku teka aku wes siap. Pas karo peritunganku. Nalika aku wes siap ora suwi, keprungu swarane kancaku, Lia ngundang jenengku. Aku banjur metu. Aku lan Lia banjur pamit marang simbok. “Mbok, kula budhal riyin nggih, niki mpun diampiri kancane”. Sawise simbok paring ijin, aku enggal mangkat. Satekane papan panggonan, ing Pasar Caplek wes katon regeng. Akeh bakul kang wes nata dagangan. Ana kang adol janganan, prabotan, sandhangan, lan sapiturute. Ananging dudu kuwi sing tak tuju. Aku muter pasar. Nalikane mlaku, akeh banget jajanan pasar kang tumata tinimbang dagangan kang wus kasebut mau. Amarga Pasar Caplek iku kawentar “swargane panganan”. Tuwa nom, lanang wadon padha mloka-mlaku golek kaperluane dhewe-dhewe. Lakuku tumuju marang bakul lupis. Kaya kepenginanku wingi. Sakliyane lupis aku lan Lia uga jajan maneka werna.Sabare marem anggonku jajan, aku banjur bali. Rasa bungah neng atiku, amarga apa kang dakpenginake bisa katurutan. Senajan kaya mangkene aku wes cukup oleh hiburan. Dolan ing pasar tradhisional, saliyane kanggo hiburan uga bisa nguri-nguri menawa pasar tradhisional uga tasih diminati lan perlu dilestarekake ana ing masarakat. Aja nganti ilang, kageser pasar modheren lan papan panggonan liyane.
Pilih 2 pernyataan sing paling trep kanggo nerangake gegayutane tumindak paraga karo kedadeyan sabanjure!
A) Paraga nindakake tugas omah luwih dhisik, mula dheweke bisa budhal kanthi tentrem sawise entuk ijin B) Paraga ngenteni kancane teka sadurunge ngrampungake kewajibane marang simbok C) Paraga langsung budhal nalika tangi amarga tujuan utama crita yaiku tuku lupis D) Paraga njaluk digugah gasik amarga dheweke wis duwe rencana ketemu Lia ing dina Minggu
- 13. PILIHAN GANDA KOMPLEKS
Telaga Sarangan Telaga Sarangan uga dikenal minangka Telaga Pasir sing manggon ing ereng-erenge Gunung Lawu, Magetan. Telaga iki manggon ing ketinggian 1.200 mdpl kanthi suhu udakara 15–20 derajat celcius. Telaga Sarangan manggon gandheng (perbatasan) karo Kabupaten Karanganyar, Jawa Tengah. Adohe udakara 16km saka Magetan Kota. Minangka papan wisata, ing sakupenge telaga akeh ditemokake atraksi wisata kayata speedboat, becak air, wisata kuliner, nganti bisa nunggang jaran. Kuliner sing khas ing kono kayata sate kelinci lan emping mlinjo. Saliyane iku uga akeh toko sing nyepakake oleh-oleh kayata kerajinan saka anyaman pring lan saka kulit. Munggah sithik saka Sarangan, wis tekan Kecamatan Tawangmangu sing uga akeh papan wisata. Saben dina Jumat Pon wulan Ruwah, ing Telaga Sarangan dianakake Larung Tumpeng Sesaji. Kagiyatan iki ana gandheng cenenge karo kapitayan masarakat ngenani leluhur Kyai Pasir lan Nyai Pasir sing manggon ing pulo cilik satengahe Telaga Sarangan. Masarakat rikala semana percaya yen Kyai Pasir lan Nyai Pasir minangka leluhur tansah nyuwun tumbal saben taune, mula dianakake larung sesaji. Saliyane iku, Larung Tumpeng Sesaji uga dianakake kanggo ngucapake rasa sokur marang Gusti Kang Maha Ageng awit berkah sing diparingake lan nyenyuwun supaya Telaga Sarangan tetep lestari lan wargane tansah makmur. Telaga Sarangan iki kalebu papan wisata sing endah. Dibuktekake kanthi akehe para wisatawan sing teka ing kene. Saliyane iku, akeh uga seniman sing nulis lelagon bab Telaga Sarangan, kayata tembang Tangise Sarangan, Sarangan Nglarung Rasa, lan Sarangan Nitip Kenangan. Yen ana wektu, ayo dolan Sarangan!
Pilih 2 informasi sing bisa digunakake kanggo nggambarake latar papan ing crita pengalaman sing njupuk latar Telaga Sarangan!
A) Telaga dumunung ing ereng-erenge Gunung Lawu B) Larung Tumpeng Sesaji dianakake saben Jumat Pon ing wulan Ruwah C) Suhu ing wilayah telaga udakara 15–20 derajat Celsius D) Telaga dumunung ing wilayah Magetan lan cedhak karo Kabupaten Karanganyar
- 14. PILIHAN GANDA KOMPLEKS
Telaga Sarangan Telaga Sarangan uga dikenal minangka Telaga Pasir sing manggon ing ereng-erenge Gunung Lawu, Magetan. Telaga iki manggon ing ketinggian 1.200 mdpl kanthi suhu udakara 15–20 derajat celcius. Telaga Sarangan manggon gandheng (perbatasan) karo Kabupaten Karanganyar, Jawa Tengah. Adohe udakara 16km saka Magetan Kota. Minangka papan wisata, ing sakupenge telaga akeh ditemokake atraksi wisata kayata speedboat, becak air, wisata kuliner, nganti bisa nunggang jaran. Kuliner sing khas ing kono kayata sate kelinci lan emping mlinjo. Saliyane iku uga akeh toko sing nyepakake oleh-oleh kayata kerajinan saka anyaman pring lan saka kulit. Munggah sithik saka Sarangan, wis tekan Kecamatan Tawangmangu sing uga akeh papan wisata. Saben dina Jumat Pon wulan Ruwah, ing Telaga Sarangan dianakake Larung Tumpeng Sesaji. Kagiyatan iki ana gandheng cenenge karo kapitayan masarakat ngenani leluhur Kyai Pasir lan Nyai Pasir sing manggon ing pulo cilik satengahe Telaga Sarangan. Masarakat rikala semana percaya yen Kyai Pasir lan Nyai Pasir minangka leluhur tansah nyuwun tumbal saben taune, mula dianakake larung sesaji. Saliyane iku, Larung Tumpeng Sesaji uga dianakake kanggo ngucapake rasa sokur marang Gusti Kang Maha Ageng awit berkah sing diparingake lan nyenyuwun supaya Telaga Sarangan tetep lestari lan wargane tansah makmur. Telaga Sarangan iki kalebu papan wisata sing endah. Dibuktekake kanthi akehe para wisatawan sing teka ing kene. Saliyane iku, akeh uga seniman sing nulis lelagon bab Telaga Sarangan, kayata tembang Tangise Sarangan, Sarangan Nglarung Rasa, lan Sarangan Nitip Kenangan. Yen ana wektu, ayo dolan Sarangan!
Yen informasi kasebut arep diowahi dadi crita pengalaman pribadi, pilih 2 unsur sing kudu dikembangake supaya teks ora malih dadi katrangan papan wisata biasa!
A) Urutan kedadeyan sing dialami dening paraga nalika tekan papan wisata B) Data geografis papan kasebut kanthi rinci kaya teks katrangan C) Dhaptar kabeh toko oleh-oleh sing ana ing sakupenge telaga D) Perasaan lan tanggapan pribadi paraga nalika ngalami sawijining kedadeyan
- 15. PILIHAN GANDA KOMPLEKS
Pengalaman Melu Lomba Dina Kamardikan Ing wulan Agustus, kampungku nganakake maneka lomba kanggo mengeti Dina Kamardikan Indonesia. Aku lan kanca-kanca mutusake melu lomba estafet kelereng. Wiwitane aku rumangsa ora yakin amarga sadurunge durung tau melu lomba kasebut. Nanging kanca-kancaku ngajak latihan supaya bisa nyusun cara sing paling aman kanggo nggawa kelereng nganti garis pungkasan. Sawise latihan kaping pirang-pirang, aku wiwit ngerti yen lomba kasebut ora mung mbutuhake kecepetan. Saben anggota kudu njaga konsentrasi lan ngerti kapan kudu maju kanthi cepet lan kapan kudu luwih ngati-ati. Nalika dina lomba, aku entuk giliran kaping pindho. Ing tengah dalan, kelerengku meh tiba. Aku mandheg sedhela, ngatur ambegan, banjur nerusake kanthi luwih ati-ati. Timku pungkasane bisa ngrampungake lomba kanthi kompak, sanajan ora dadi juara pisanan. Sawise lomba rampung, aku ora rumangsa kecewa. Aku malah ngerti yen asil lomba ora dadi siji-sijine ukuran saka pengalaman kasebut. Aku lan kanca-kanca dadi luwih kompak amarga wis latihan lan ngadhepi tantangan bebarengan. Pengalaman kasebut nggawe aku luwih ngajeni proses, kerja sama, lan keberanian kanggo nyoba perkara anyar.
Pilih 3 pratelan sing nuduhake owah-owahan paraga utama sajrone alur crita!
A) Wiwitane paraga rumangsa ora yakin amarga durung duwe pengalaman ing lomba kasebut B) Wiwit wiwitan nganti pungkasan, paraga tetep nduweni sikap sing padha marang asil lomba C) Sawise lomba, paraga luwih ngajeni proses lan kerja sama karo kanca D) Sawise latihan, paraga luwih ngerti cara njaga konsentrasi nalika lomba
- 16. PILIHAN GANDA KOMPLEKS
Pengalaman Melu Lomba Dina Kamardikan Ing wulan Agustus, kampungku nganakake maneka lomba kanggo mengeti Dina Kamardikan Indonesia. Aku lan kanca-kanca mutusake melu lomba estafet kelereng. Wiwitane aku rumangsa ora yakin amarga sadurunge durung tau melu lomba kasebut. Nanging kanca-kancaku ngajak latihan supaya bisa nyusun cara sing paling aman kanggo nggawa kelereng nganti garis pungkasan. Sawise latihan kaping pirang-pirang, aku wiwit ngerti yen lomba kasebut ora mung mbutuhake kecepetan. Saben anggota kudu njaga konsentrasi lan ngerti kapan kudu maju kanthi cepet lan kapan kudu luwih ngati-ati. Nalika dina lomba, aku entuk giliran kaping pindho. Ing tengah dalan, kelerengku meh tiba. Aku mandheg sedhela, ngatur ambegan, banjur nerusake kanthi luwih ati-ati. Timku pungkasane bisa ngrampungake lomba kanthi kompak, sanajan ora dadi juara pisanan. Sawise lomba rampung, aku ora rumangsa kecewa. Aku malah ngerti yen asil lomba ora dadi siji-sijine ukuran saka pengalaman kasebut. Aku lan kanca-kanca dadi luwih kompak amarga wis latihan lan ngadhepi tantangan bebarengan. Pengalaman kasebut nggawe aku luwih ngajeni proses, kerja sama, lan keberanian kanggo nyoba perkara anyar.
Yen crita kasebut ditulis maneh saka sudut pandang salah siji anggota tim liyane, pilih 3 perubahan informasi sing paling perlu ditindakake supaya cara mawas anyar tetep konsisten!
A) Pengalaman pribadi kudu disesuaikan karo paraga sing dadi panyritane B) Jeneng lan pengalaman kabeh anggota tim kudu diganti supaya crita nduweni latar anyar C) Penilaian panyritane marang kedadeyan kudu disesuaikan karo pengalaman sing dialami saka sudut pandange D) perasaan pribadi kudu disesuaikan karo paraga sing dadi panyritane
- 17. PILIHAN GANDA KOMPLEKS
Rekayasa Uwuh Saben dina, uwuh mesthi diasilake saka kegiyatan saben dina ing omah lan lingkungan. Yen uwuh kasebut ora diopeni kanthi becik, tumpukan uwuh bisa dadi sumber penyakit lan ngrusak karesikan lingkungan. Mula, ana gagasan supaya masarakat ora mung mbuwang uwuh, nanging miwiti ngolah uwuh kanthi cara sing luwih migunani. Salah sawijining konsep sing bisa ditindakake yaiku Rekayasa Uwuh, yaiku ngolah lan ngemonah sampah kanthi teknologi modern lan kreatifitas supaya nduweni guna lan nilai ekonomi. Gagasan kasebut diwiwiti saka kebiasaan masarakat ing omah, yaiku milah uwuh organik lan anorganik. Uwuh organik kayata sisa panganan, janganan, lan godhong garing bisa diolah dadi kompos utawa pakan maggot Black Soldier Fly (BSF). Maggot kasebut sabanjure bisa dimanfaatake minangka pakan ternak. Kanthi cara iki, uwuh sing sadurunge dianggep minangka barang buangan bisa nduweni guna maneh.Uwuh anorganik kayata botol plastik, kresek, lan kaleng uga bisa dimanfaatake kanthi cara beda. Bahan kasebut bisa didaur ulang dadi kerajinan, diowah dadi ecobrick, utawa digunakake minangka bahan bakar alternatif. Yen kebiasaan milah lan ngolah uwuh ditindakake dening warga, lingkungan bisa luwih resik lan asri. Saliyane iku, asil olahan uwuh bisa nduweni nilai ekonomi lan menehi tambahan penghasilan tumrap kulawarga.
Pilih 2 jawaban sing bener! Adhedhasar informasi ing teks, tumindak sing nuduhake gagasan Rekayasa Uwuh yaiku ....
A) Nempatake kabeh uwuh ing panggonan sing padha supaya luwih gampang dikelola. B) Nggunakake uwuh organik minangka bahan sing bisa diolah dadi kompos utawa pakan maggot. C) Milah uwuh organik lan anorganik wiwit saka lingkungan omah. D) Ngumpulake uwuh campuran supaya proses pangolahan bisa ditindakake bebarengan.
- 18. PILIHAN GANDA KOMPLEKS
Rekayasa Uwuh Saben dina, uwuh mesthi diasilake saka kegiyatan saben dina ing omah lan lingkungan. Yen uwuh kasebut ora diopeni kanthi becik, tumpukan uwuh bisa dadi sumber penyakit lan ngrusak karesikan lingkungan. Mula, ana gagasan supaya masarakat ora mung mbuwang uwuh, nanging miwiti ngolah uwuh kanthi cara sing luwih migunani. Salah sawijining konsep sing bisa ditindakake yaiku Rekayasa Uwuh, yaiku ngolah lan ngemonah sampah kanthi teknologi modern lan kreatifitas supaya nduweni guna lan nilai ekonomi. Gagasan kasebut diwiwiti saka kebiasaan masarakat ing omah, yaiku milah uwuh organik lan anorganik. Uwuh organik kayata sisa panganan, janganan, lan godhong garing bisa diolah dadi kompos utawa pakan maggot Black Soldier Fly (BSF). Maggot kasebut sabanjure bisa dimanfaatake minangka pakan ternak. Kanthi cara iki, uwuh sing sadurunge dianggep minangka barang buangan bisa nduweni guna maneh.Uwuh anorganik kayata botol plastik, kresek, lan kaleng uga bisa dimanfaatake kanthi cara beda. Bahan kasebut bisa didaur ulang dadi kerajinan, diowah dadi ecobrick, utawa digunakake minangka bahan bakar alternatif. Yen kebiasaan milah lan ngolah uwuh ditindakake dening warga, lingkungan bisa luwih resik lan asri. Saliyane iku, asil olahan uwuh bisa nduweni nilai ekonomi lan menehi tambahan penghasilan tumrap kulawarga.
Pilih 2 jawaban sing bener! Pikiran panulis sing bisa disimpulake saka hubungan antarane pemilahan sampah lan manfaat ekonomi yaiku ....
A) Pangolahan sampah bisa ngowahi barang sing dianggep ora migunani dadi barang sing nduweni nilai. B) Pemilahan dadi tahap sing ndhukung pemanfaatan sampah miturut jinis lan kegunaane. C) Pemilahan sampah luwih gegayutan karo karesikan tinimbang karo kemungkinan pemanfaatan maneh. D) Manfaat ekonomi bakal muncul amarga kabeh sampah nduweni cara pangolahan sing padha.
- 19. PILIHAN GANDA KOMPLEKS
Seni Teater Tradhisional Ludruk Ludruk minangka salah sawijining seni teater tradhisi sing urip lan ngrembaka ing tengahing masyarakat. Crita sing digawa umume nyritakake perkara padinan sing cedhak karo urip masyarakat biasa. Amarga gegayutane karo urip rakyat kasebut, ludruk kerep diarani seni teater rakyat. Sifat critane sing cedhak karo pengalaman masyarakat ndadekake pagelaran ludruk bisa dadi sarana panglipur lan komunikasi budaya.Ing pagelaran ludruk, lakon sing diandharake ora kaiket pakem tartamtu. Cacahe paraga lan fragmen bisa beda-beda manut pangrembakane lakon. Para paraga bisa improvisasi lan ngembangake reng-rengan crita sing wis digawe. Kahanan iki nuduhake yen pagelaran ludruk nduweni ruang kanggo pangembangan crita nalika pagelaran ditindakake.Ludruk uga ngalami owah-owahan sajrone sejarah pangrembakane. Miturut Sunaryo H.S., ludruk wis ana wiwit abad kaping 12 lan nalika jaman kuna ngemot unsur kadigdayan, kekebalan awak, lan magis. Saiki ludruk luwih lumrah dikenal minangka pagelaran teater sing ngemot lelucon. Kelestarian ludruk gegayutan karo lakon sing aktual lan raket karo budaya masyarakat, kanthi basa komunikatif lan guyonan sing bisa menehi panglipur.
Pilih 2 jawaban sing bener! Informasi sing nuduhake sebab ludruk diarani seni teater rakyat yaiku ....
A) Critane raket karo urip masyarakat biasa. B) Critane akeh nyritakake perkara padinan. C) Para paraga bisa ngembangake lakon kanthi improvisasi. D) Pagelarane nduweni sejarah wiwit jaman kuna.
- 20. PILIHAN GANDA KOMPLEKS
Seni Teater Tradhisional Ludruk Ludruk minangka salah sawijining seni teater tradhisi sing urip lan ngrembaka ing tengahing masyarakat. Crita sing digawa umume nyritakake perkara padinan sing cedhak karo urip masyarakat biasa. Amarga gegayutane karo urip rakyat kasebut, ludruk kerep diarani seni teater rakyat. Sifat critane sing cedhak karo pengalaman masyarakat ndadekake pagelaran ludruk bisa dadi sarana panglipur lan komunikasi budaya.Ing pagelaran ludruk, lakon sing diandharake ora kaiket pakem tartamtu. Cacahe paraga lan fragmen bisa beda-beda manut pangrembakane lakon. Para paraga bisa improvisasi lan ngembangake reng-rengan crita sing wis digawe. Kahanan iki nuduhake yen pagelaran ludruk nduweni ruang kanggo pangembangan crita nalika pagelaran ditindakake.Ludruk uga ngalami owah-owahan sajrone sejarah pangrembakane. Miturut Sunaryo H.S., ludruk wis ana wiwit abad kaping 12 lan nalika jaman kuna ngemot unsur kadigdayan, kekebalan awak, lan magis. Saiki ludruk luwih lumrah dikenal minangka pagelaran teater sing ngemot lelucon. Kelestarian ludruk gegayutan karo lakon sing aktual lan raket karo budaya masyarakat, kanthi basa komunikatif lan guyonan sing bisa menehi panglipur.
Pilih 3 jawaban sing bener! Pernyataan sing cocog kanggo njlentrehake sifat pagelaran ludruk miturut teks yaiku ....
A) Fragmen ing pagelaran bisa nduweni jumlah sing beda-beda. B) Lakon kudu manut pakem sing tetep supaya identitas pagelaran tetep terjaga. C) Cacahe paraga bisa berkembang manut kebutuhan lakon. D) Para paraga nduweni ruang kanggo improvisasi.
- 21. MENJODOHKAN
1. Aksara rekan iki digunakake kanggo nggambarake swara KH. Wujude dibentuk saka aksara dhasar ka kanthi tambahan cecak telu ing sisih ndhuwur. Nalika digunakake ing sawijining tembung, tandha cecak telu tetep dadi ciri pambedane saka aksara ka biasa.
2. Ing sawijining tembung ana swara DZ sing kudu ditulis nganggo aksara Jawa. Aksara rekan iki asalé saka aksara dhasar da lan nduweni tandha cecak telu ing ndhuwur. Aksara kasebut uga bisa nampa pasangan utawa sandhangan miturut kabutuhan panulisan.
3. Aksara rekan iki digunakake kanggo nggambarake swara F utawa V. Wujude adhedhasar aksara pa sing diwenehi cecak telu. Ing panulisan teks, aksara iki bisa dipadhakake karo pasangan lan bisa nampa sandhangan miturut struktur tembung.
4. Nalika nulis tembung sing ngemot swara Z, panulis ora milih aksara ja biasa amarga dibutuhake wujud khusus kanggo makili swara kasebut. Aksara rekan iki digawe saka aksara ja kanthi tambahan cecak telu ing ndhuwur.
5. Ing sawijining teks ana tembung sing nduweni swara GH. Kanggo nulis swara kasebut, digunakake aksara rekan sing adhedhasar aksara ga lan diwenehi cecak telu. Wujud iki kudu dibedakake saka aksara ga biasa supaya swara sing diwaca tetep cocog karo tembung asline.
OPSI JODOHKAN: A. ꦗ꦳ B. ꦒ꦳ C. ꦢ꦳ D. ꦏ꦳ E. ꦥ꦳
A) 1 - C B) 1 - B C) 1 - E D) 1 - D E) 1 - A
- 22. MENJODOHKAN

A) 2 - E B) 2 - B C) 2 - C D) 2 - D E) 2 - A
- 23. MENJODOHKAN

A) 3 - E B) 3 - B C) 3 - C D) 3 - D E) 3 - A
- 24. MENJODOHKAN

A) 4 - D B) 4 - A C) 4 - B D) 4 - C E) 4 - E
- 25. MENJODOHKAN

A) 5 - C B) 5 - A C) 5 - D D) 5 - B E) 5 - E
- 26. BENAR-SALAH
Crita pengalaman seneng yaiku crita sing nggambarake sawijining kedadeyan sing nuwuhake rasa bungah utawa nyenengake tumrap wong sing ngalami, kayata nalika entuk pengalaman sing dikarepake.
A) BENAR B) SALAH
- 27. BENAR-SALAH
Pengalaman sedhih yaiku crita ngenani kedadeyan sing ndadekake wong sing ngalami rumangsa susah, kuciwa, utawa kelangan, sanajan kedadeyan kasebut bisa wae diwiwiti saka kahanan sing nyenengake.
A) SALAH B) BENAR
- 28. BENAR-SALAH
Crita pengalaman lucu bisa diarani pengalaman sing medeni amarga loro-lorone padha nyritakake kedadeyan sing ora biasa lan bisa nggawe wong liya menehi perhatian marang crita kasebut.
A) BENAR B) SALAH
- 29. BENAR-SALAH
Sawijining pengalaman bisa kalebu pengalaman lucu nalika kedadeyan sing dialami paraga nuwuhake rasa ngguyu, sanajan wiwitane paraga kasebut bisa wae ora duwe maksud nggawe wong liya ngguyu.
A) SALAH B) BENAR
- 30. BENAR-SALAH
Yen sawijining crita nyritakake kedadeyan sing nggawe wong sing ngalami rumangsa wedi, tegang, utawa waswas, crita kasebut luwih trep digolongake minangka pengalaman medeni tinimbang pengalaman seneng, sanajan kedadeyane dumadi nalika lagi dolan.
A) SALAH B) BENAR
|