- 1. Tembang macapat iku kaiket ing paugeran ...
A) guru gatra, guru wilangan, guru lagu B) guru swara, guru sastra, guru basa C) guru wilangan, guru gatra, guru swara D) guru swara, guru sastra, guru gatra
A) cacahing wanda ing saben tembung B) cacahing wanda ing saben gatra C) cacahing gatra ing saben tembung D) cacahing gatra ing saben pada
- 3. Guru wilangan yaiku ...
A) cacahing wanda ing saben gatra B) cacahing gatra ing saben tembung C) cacahing gatra ing saben pada D) cacahing wanda ing saben tembung
A) dhong-dhinge swara ing saben pungkasan gatra B) dhong-dhinge swara ing saben pungkasan tembung C) dhong-dhinge wanda ing saben pungkasan gatra D) dhong-dhinge wanda ing saben pungkasan pada
- 5. Ing gatra pungkasan pada siji tinulis: ben awakku kebak padha mangerti,
(ora katulis: kareben awakku kebak padha mangerti), awit ngetrepake ...
A) guru gatrane B) guru wilangane C) guru lagune D) guru padane
- 6. Ing gatra siji pada loro tinulis: Sing nggo nulis saben siswa sekolah iku,
(ora katulis: Sing kanggo nulis saben siswa sekolah iku), awit ngetrepake ...
A) guru gatrane B) guru wilangane C) guru lagune D) guru padane
- 7. Ing gatra pungkasan pada papat tinulis: Iku ngono piranti setiap anama.
(ora katulis: Iku ngono piranti anama setip), awit ngetrepake ...
A) guru wilangane B) guru gatrane C) guru lagune D) guru padane
- 8. Ing gatra telu pada wolu tinulis: engga oras telat nganti.
(ora katulis: engga ora nganti telat), awit ngetrepake ...
A) guru lagune B) guru padane C) guru gatrane D) guru wilangane
- 9. Ing gatra pungkasan pada enem tinulis: banget piguna mring uripku sakanca.
Gatra iki kena diganti klawan ukara ...
A) piguna banget nggo uripku sakanca B) banget piguna marang uripku sakelas C) banget piguna marang uripku sakanca D) piguna banget nggo uripku sasekolah
- 10. Paugerane tembang Pucung iku ...
A) 4 gatra = 12i, 6a, 8i, 8a B) 4 gatra = 12u, 6a, 8i, 12a C) 4 gatra = 12i, 6a, 8i, 8a D) 4 gatra = 12i, 6a, 8i, 12a
- 11. Paugerane tembang Maskumambang iku ...
A) 4 gatra = 12i, 6a, 8i, 12a B) 4 gatra = 12i, 6a, 8i, 8a C) 4 gatra = 12u, 6a, 8i, 12a D) 4 gatra = 12i, 6a, 8i, 8a
- 12. Paugerane tembang Gambuh iku ...
A) 5 gatra = 7u, 10u, 12i, 8u, 8o B) 5 gatra = 7u, 10u, 12i, 8i, 8o C) 5 gatra = 7u, 10u, 12u, 8u, 8o D) 5 gatra = 7u, 10i, 12i, 8u, 8o
- 13. Ukara sing trep kanggo gatra kapat tembang Gambuh ...
A) Septi Khusnul Ian Chamida B) Sukir Tamo Yahya Ian Sunu C) Chamida Septi Ian Khusnul D) Sukir Sunu Yahya Tamo
 A) Gorengane rasane enak kabeh B) Gorengane wis melempem kabeh C) Gorengane renane akeh D) Gorengane minyake akeh
 A) Ngumbulne layangan wayah sore B) Ngumbulne layangan nganti tekan sore C) Ngumbulake layangan nganti tekan sore D) Ngumbulne layangan nganti sore
- 16. Kanggo: Dimas, Saka: Rina.
Sesuk aja lali nggawa buku paket Basa Jawa amarga arep ana tugas kelompok. Kumpul ing perpustakaan jam 09.00.
Layang kitir ing dhuwur dikirim dening ....
A) Guru B) Petugas Perpustkaan C) Dimas D) Rina
- 17. Kanggo: Dimas, Saka: Rina.
Sesuk aja lali nggawa buku paket Basa Jawa amarga arep ana tugas kelompok. Kumpul ing perpustakaan jam 09.00.
Isi pesen ing layang kitir yaiku ....
A) nyilih dhuwit B) ngelingake nggawa buku paket C) ngajak dolan D) ngajak olahraga
- 18. Kanggo: Dimas, Saka: Rina.
Sesuk aja lali nggawa buku paket Basa Jawa amarga arep ana tugas kelompok. Kumpul ing perpustakaan jam 09.00.
Dimas lan Rina arep kumpul ing...
A) lapangan B) kantin C) kelas D) perpustakaan
- 19. Kanggo: Dimas, Saka: Rina.
Sesuk aja lali nggawa buku paket Basa Jawa amarga arep ana tugas kelompok. Kumpul ing perpustakaan jam 09.00.
kapan wektu kumpul kasebut?...
A) jam 08.00 B) jam 07.00 C) jam 10.00 D) jam 09.00
- 20. Kanggo: Dimas, Saka: Rina.
Sesuk aja lali nggawa buku paket Basa Jawa amarga arep ana tugas kelompok. Kumpul ing perpustakaan jam 09.00.
basa sing digunakake ing layar kitir yaiku basa?...
A) jawa B) indonesia C) sunda D) inggris
- 21. Pangapunten, Ibu kula taksih dereng saged tindak. Iki mawa basa ....
A) ngoko madya B) ngoko inggil C) ngoko andhap D) ngoko wantah
- 22. Mas, piye kabar panjenengan, rak apik-apik wae ta? Iki mawa basa ....
A) krama madya B) ngoko andhap C) ngoko wantah D) krama inggil
- 23. Kula badhe nyambut artanipun Rp 20.000,00. Iki mawa basa...
A) krama inggil B) ngoko wantah C) krama madya D) ngoko andhap
- 24. Kowe sesuk apa sida menyang Kediri? Iki mawa basa ....
A) krama madya B) ngoko andhap C) krama inggil D) ngoko wantah
- 25. Tuladha basa ngoko alus/andhap ....
A) Sabtu ngajeng, kula badhe sowan sampeyan. B) Sabtu ngarep, aku arep sowan panjenengan. C) Sabtu ngarep, dalem badhe sowan panjenengan. D) Sabtu ngajeng, kula badhe sowan panjenengan.
- 26. Tuladha basa krama lugu/madya ....
A) Mbokdhe Wati mangke saged nyare ing griya kula. B) Mbokdhe Wati mangke saged nyare ing dalem kula. C) Mbokdhe Wati mangke saged nyipeng ing griya kula. D) Mbokdhe Wati mangke saged nyipeng ing dalem kula.
- 27. Anak marang wong tuwane, siswa marang gurune, kudune nganggo basa ...
A) krama inggil B) krama madya C) ngoko andhap D) ngoko wantah
- 28. Wong tuwa marang anake, guru marang siswane, lumrahe nganggo basa ....
A) krama madya B) ngoko andhap C) krama inggil D) ngoko wantah
- 29. Wedal ibu ... wonten ruang makan, adhik tumut ... ugi.
A) nedha, mangan B) dhahar, mangan C) dhahar, dhahar D) dhahar, nedha
- 30. Nalika bapak ... menyang Singosari, adhik ya melu ... pisan.
A) tindak, lunga B) kesah, kesah C) tindak, tindak D) tindak, kesah
- 31. Katur Bapak saha Ibu ing dalem, iki mujudake tuladhane ....
A) surasa basa B) purwaka basa C) wasana basa D) satata basa
- 32. Binareng layang iki, aku nyaosi pirsa yen kahananku becik-becik wae, iki mujudake tuladhane ....
A) surasa basa B) wasana basa C) satata basa D) purwaka basa
- 33. Pewawancara: “Apa kegiatanmu sawise sekolah?”
Narasumber: “Aku biasane sinau lan mbantu wong tuwa.” Sapa sing menehi jawaban ing wawancara kasebut?
A) kanca B) guru C) narasumber D) pewawancara
- 34. Pewawancara: “Apa kegiatanmu sawise sekolah?”
Narasumber: “Aku biasane sinau lan mbantu wong tuwa.” Apa kegiatan narasumber sawise sekolah?
A) sinau B) main game C) turu D) Sinau lan mbantu wong tuwa
- 35. Pewawancara: “Napa panjenengan milih dagang sayur ing pasar?”
Narasumber: “Amarga pengin mbantu ekonomi kulawarga lan nyukupi kabutuhan saben dina.” Pakaryan narasumber yaiku …
A) guru B) nalayan C) Pedagang sayur D) petani
- 36. Pewawancara: “Napa panjenengan milih dagang sayur ing pasar?”
Narasumber: “Amarga pengin mbantu ekonomi kulawarga lan nyukupi kabutuhan saben dina.” Tembung “kabutuhan” ing teks nduweni teges …
A) Dolanan B) kesenengan C) Keperluan D) pegawean
- 37. Pewawancara: “Napa panjenengan milih dagang sayur ing pasar?”
Narasumber: “Amarga pengin mbantu ekonomi kulawarga lan nyukupi kabutuhan saben dina.” Saka teks wawancara kasebut, narasumber kalebu wong sing …
A) Rajin nyambut gawe B) Kesed C) Suka dolanan D) Gampang nesu
- 38. Pewawancara: “Kenapa kowe seneng melu karawitan ing sekolah?”
Narasumber: “Amarga aku pengin nglestarekake budaya Jawa lan seneng swara gamelan.” Apa alesane narasumber melu karawitan?
A) Pengin nglestarekake budaya Jawa B) Supaya misuwur C) Diajak kanca D) Entuk hadiah
- 39. Pewawancara: “Kenapa kowe seneng melu karawitan ing sekolah?”
Narasumber: “Amarga aku pengin nglestarekake budaya Jawa lan seneng swara gamelan.” Miturut isi wawancara, narasumber nduweni rasa …
A) Malas B) wedi C) Kesel D) Peduli budaya
- 40. Pewawancara: “Kenapa kowe seneng melu karawitan ing sekolah?”
Narasumber: “Amarga aku pengin nglestarekake budaya Jawa lan seneng swara gamelan.” Tembung “nglestarekake” nduweni teges …
A) Nglalekake B) Ninggalake C) Njaga supaya tetep ana D) Ngganti
- 41. Nalika kowe arep matur marang Ibu Guru yen kowe ora mlebu sekolah amarga lara, basa sing bener lan trep digunakake yaiku...
A) "Bu, dalem boten kesah sekolah amargi sakit." B) "Bu, aku ora mlebu sekolah amarga lara." C) "Bu, kula boten tindak sekolah amargi sakit." D) "Bu, kula boten mlebet sekolah amargi sakit."
- 42. Bapak nembe wae mulih saka kantore. Yen diowahi dadi basa Krama Alus (Inggil) sing bener yaiku...
A) Bapak nembe kesah saking kantoripun. B) Bapak nembe mulih saking kantoripun. C) Bapak nembe wangsul saking kantoripun. D) Bapak nembe kondur saking kantoripun.
- 43. Ukara ing ngisor iki sing kalebu basa Ngoko Alus yaiku...
A) Sampeyan sampun mangan menapa boten? B) Kowe arep lunga menyang ngendi, Ndhuk? C) Panjenengan pinter sanget nembang Macapat. D) Ibu tindak menyang pasar mundhut rasukan.
- 44. Simbah lagi wae mapan turu ing kamar ngajeng. Basa Krama Alus saka tembung "turu" sing bener kanggo simbah yaiku...
A) sarean B) bobok C) tilem D) merem
- 45. "Riko, kowe mau diceluk Ibu Guru kon menyang kantor." Tembung "diceluk" yen diowahi dadi basa Ngoko Alus sing trep kanggo ngurmati Ibu Guru yaiku...
A) dipunpanggil B) ditimbali C) diutus D) dipundhawuhi
- 46. Nalika awake dhewe guneman (berbicara) karo kanca sing wis akrab banget, basa sing digunakake yaiku...
A) ngoko lugu B) krama lugu C) krama alus D) ngoko lugu
- 47. "Kula sampun ..., dene Simbah nembe wae ..." Tembung sing trep kanggo nggenepi ukara ing dhuwur miturut aturan unggah-ungguh yaiku...
A) mangan, dhahar B) nedha, mangan C) dhahar, nedha D) nedha, dhahar
- 48. Ukara ing ngisor iki sing panggone basa Krama Alus kurang trep (salah) amarga ngajeni awake dhewe yaiku...
A) "Eyang saweg sare wonten kamar." B) "Bapak saweg dhahar wonten pawon." C) "Ibu badhe tindak dhateng Surabaya mbenjang." D) "Kula badhe tindak dhateng Semarang."
- 49. Yen kowe arep liwat ing ngarepe wong tuwa sing lagi lungguhan, ukara sing bener lan sopan diucapake yaiku...
A) "Nuwun sewu, kulo ajeng liwat." B) "Permisi, badhe mlampah rumiyin." C) "Misi Mbah, kulo badhe liwat." D) "Nuwun sewu, ndherek langkung."
- 50. Ibu takon marang Riko apa dheweke wis nggarap PR utawa durung. Ukara pitakon saka Ibu sing nggunakake basa Ngoko Lugu yaiku...
A) "Riko, kowe sampun nggarap PR?" B) "Riko, panjenengan sampun nggarap PR?" C) "Riko, sampeyan wis nggarap PR durung?" D) "Riko, kowe wis nggarap PR durung?"
|