PAS GANJIL B. JAWA KELAS IX SMP ISLAM PARAMITHA
  • 1. Sampah yaiku materi sisa kang ora dikarepake, sawise akhire dibuwang ing pambuwangan pungkasan (akhir). Sampah bisa ana ing saben materi: awujud padhet (padat), encer (cair), utawa gas. Sampah uga dadi masalah nomer siji ing Indonesia, saliyane pengangguran, lan sarana transportasi. Bencana banjir wis dadi langganan ana ing wewengkon tlatah Gresik, nanging isih akeh wong Gresik sing ora gelem sadhar yen mbuwang sampah iku kudu ana panggonane.

    Wacan ing ndhuwur kalebu jenis teks laporan asil observasi bagean ….
A) Simpulan
B) Dhefinisi umum
C) Dheskripsi manfaat
D) Dheskripsi bagean
  • 2. Sampah yaiku materi sisa kang ora dikarepake, sawise akhire dibuwang ing pambuwangan pungkasan (akhir). Sampah bisa ana ing saben materi: awujud padhet (padat), encer (cair), utawa gas. Sampah uga dadi masalah nomer siji ing Indonesia, saliyane pengangguran, lan sarana transportasi. Bencana banjir wis dadi langganan ana ing wewengkon tlatah Gresik, nanging isih akeh wong Gresik sing ora gelem sadhar yen mbuwang sampah iku kudu ana panggonane.

    Ukara sing ora trep (tidak cocok) karo pranyatan ing ndhuwur yaiku ….
A) Banjir wis dadi langganan ana ing wewengkon tlatah Gresik
B) Sampah dadi siji-sijine masalah ing Indonesia
C) Akeh wong Gresik sing ora gelem sadhar yen mbuwang sampah iku kudu ana panggonane
D) Sampah bisa awujud padhet (padat), encer (cair), utawa gas
  • 3. Nalika tiyang mboten purun sadhar menawi mbuwang sampah niku kedah ing panggonane, saget ndadosaken ….
A) Longsor
B) Virus Covid-19
C) Gempa bumi
D) Bencana banjir
  • 4. Gatekna ukara ing andhap iki!
    1)
    Aku lagi nulis aksara Jawa
    2)
    Ibu lagi masak ing pawon

    Ing inggil punika kalebet tuladha ukara ....
A) Pitakon
B) Tanduk
C) Tanggap
D) Prentah
  • 5. Gatekna pranyatan ing andhap iki!

    1) Kita kedah nebihi dhaharan legi amergi mboten sae kagem kasarasan waja kita.
    2) Waja kita kedah disikat kaping kaleh sedinten utawi sawising dhahar.
    3) Kita kedah ngerawat waja kita piyambak.
    4) Waja kita kedah dipriksa saben 6 sasi sepisan.

    Pranyatan ing inggil kang kalebu ukara tanggap inggih menika ukara nomer….
A) 2 lan 4
B) 3 lan 4
C) 1 lan 2
D) 1 lan 3
  • 6. Tlatar Boyolali wis dikenal dadi sawijining papan wisata. Papane rada ngalor sithik saka kutha Boyolali, adohe kira-kira 7 km. Sing disuguhake neng kana yaiku wisata alam. Nalika lunga rana, kari milih panggon mancing. Iwak sing dipancing maneka warna kayata iwak lele, nila, gurameh, kakap, bawal lan sapanunggalane

    Saking paragraf ing inggil, kang nuduhake ukara tanduk inggih menika ukara ….
A) Sing disuguhake neng kana yaiku wisata alam
B) Iwak sing dipancing maneka warna
C) Tlatar Boyolali wis dikenal dadi sawijining papan wisata
D) Nalika lunga rono, kari milih panggon mancing
  • 7. Wacanen ukara ing andhap iki!

    Malang salah sawijining kutha ing Jawa Timur, akeh maneka warna usaha indhustri omahan kang bisa ditemoni.

    Tembung kang nunjukake menawi ukara ing inggil kalebet ukara tanggap yaiku ….
A) Ditemoni
B) Indhustri
C) Maneka
D) Omahan
  • 8. Gatekna ukara ing andhap iki!

    1) Kula badhe tumbas woh-wohan kados ta: pelem, nanas, pisang, kaliyan anggur.
    2) Sampeyan punapa sampun sumerep griya kula, sapunika semah kula sampun wangsul.

    Ukara ing inggil punika ngagem basa ….
A) Krama lugu (madya)
B) Krama alus (inggil)
C) Ngoko lugu (wantah)
D) Ngoko alus (andhap)
  • 9. Wacanen ukara ing andhap iki!

    “Ing sekolahan aku ... jam 06.30 WIB, menawi bu guru ... jam 06.00 WIB.”

    Tembung kang trep kagem njangkepi ukara ingkang dereng rampung ing inggil inggih menika ….
A) Rawuh, dugi
B) Teka, rawuh
C) Teka, teka
D) Dugi, teka
  • 10. Wacanen ukara ing isor iki!

    “Apa ... lan adhimu wis sinau unggah-ungguh basa Jawa?”

    Tembung kang trep kangge njangkepi ukara ingkang dereng rampung ing inggil inggih menika ….
A) Dheweke
B) Kowe
C) Panjenengan
D) Sampeyan
  • 11. Wacanen ukara ing andhap iki!

    Kartika
    : Ana apa kok mlayu-mlayu?
    Damar
    : Pak Guru wis teka.

    Wangsulane Damar yen didadosake basa krama alus inggih menika ….
A) Pak Guru dereng teka.
B) Pak Guru sampun rawuh.
C) Pak Guru mboten dugi.
D) Pak Guru sampun dhateng.
  • 12. Wacanen ukara ing andhap iki!

    “Sawise nyeluk adhiku, budhe terus tak kongkon lungguh ndik ruang tamu.

    Ukara kasebut ngagem basa ….
A) Krama lugu
B) Ngoko alus
C) Krama alus
D) Ngoko lugu
  • 13. Wacanen ukara ing andhap iki!

    “Kowe apa wes mangan isuk mau?”

    Ukara kasebut yen didadosake basa krama lugu (madya) inggih menika ….
A) Sampeyan napa sampun nedha enjing wau?
B) Sampeyan napa wes dhahar enjing wau?
C) Panjenengan napa sampun dhahar enjing wau?
D) Panjenengan napa wis mangan enjing wau?
  • 14. Wacanen ukara ing andhap iki!

    “Eyang mboten purun dahar amargi wajanipun gerah.”

    Ukara kasebut menawi digantos ngagem basa ngoko lugu inggih menika ….
A) Simbah ora gelem mangan amerga lara untu
B) Mbah ora gelem dhahar amerga ngelu
C) Mbah, ora gelem mangan amerga lara
D) Eyang ora gelem nedha amerga lara
dwifungsi
  • 15. Miturut aksara ing inggil, menawi aksara rekan karaketan sandhangan cecak, cecake telu dumunung ing sisih … sandhangan cecak.
A) Tengene
B) Kiwane
C) Njerone
D) Tengahe
  • 16. Pak Untung iku sabendinane lunga menyang sanggar saperlu mimpin lan ngatur lumakune crita drama

    Miturut wacan ing inggil, pendamelan (penggawean) pak Untung dados
A) Pelawak
B) Penulis
C) Aktor
D) Sutradara
  • 17. Fanina lagi melu pemilihan tokoh/paraga sing kadhapuk dening sutradara ing lakon drama

    Miturut pranyatan ing inggil, Fanina lagi tumut .…
A) Crita
B) Casting
C) Dialog
D) Nyanyi
  • 18. Pandu iku yen lagi main drama mesti dadi wong sing becik, seneng mbiyantu lan sabar.

    Saking pranyatan ing inggil, Pandu niku minangka paraga ....
A) Prolog
B) Epilog
C) Protagonis
D) Antagonis
  • 19. Rama iku paraga kesenian khas Jawa Timur, kang wujude drama tradisional, kerakyatan, ana tari Rema, kidungan, banyolan, gendhing jula-juli lan critane bebas.

    Manut wacan ing inggil, Rama minangka paraga kesenian ….
A) Film
B) Wayang
C) Ludruk
D) Tayub
  • 20. Prapto iku paraga kesenian drama tradisional, kang iringane gendhing kulonan, ana keprak/Kenthongane, biasane lakone panguripan keluarga Kerajaan

    Manut wacan ing inggil, Prapto minangka paraga kesenian ….
A) Ketoprak
B) Wayang
C) Tayub
D) Ludruk
  • 21. Drama tradisional iki nyritaake Ramayana, Mahabharata, sakliyane iku uga ana dalange, (parogone ngomong dewe). Penontone sing ake wong tuwa.

    Drama ing inggil dipun wastani ….
A) Ludruk
B) Wayang
C) Wayang wong
D) Ketoprak humor
  • 22. Nashir nduweni kebiasaan main drama ndik kampung, Nashir nunggang jaran, paragane ana kang aneh, yaiku mangan beling, kembang utawa menyan.

    Nashir niku minangka paraga ….
A) Ketoprak
B) Ludruk
C) Jaran kepang
D) Reog
  • 23. Kesenian asal daerah Ponorogo iki paragane singa barong, ngangge wulu merak kang endah lan gedhe banget, kang manggul kudhu paraga kang kuwat. Sing kondhang warok e.

    Kesenian ing inggil dipun wastani… .
A) Reog
B) Jaranan
C) Lerok
D) Wayang
remo
  • 24. Gambar ing inggil nunjukake kesenian tari...
A) Remo
B) Dangdutan
C) Saman
D) Kecak
  • 25. Waosen dialog ing andhap!
    ……………………
    Kleting Kuning : "Kula nuwun!"
    Mbok Sati : "Iki ki ambune apa kok ora enak. E e e dadi kowe sing mara nggawa bathang. Kowe ngapa mrene ambumu ora enak! Rada adoh!"
    Kleting Kuning : "Nami kula Kleting Kuning, Mbok!"
    Mbok Sati : "Kowe mrene arep ngapa?"
    Kleting Kuning : "Kula ajeng ngunggah unggahi Baguse Andhe-Andhe Lumut. "
    Mbok Sati : "Wong sing ayu-ayu wae padha ditampik apa maneh kowe rupamu elek, ambumu ora enak, wis kana bali wae!"
    Kleting Kuning : "Kula mboten bali yen anak sampeyan mboten ditari dhisik."
    Mbok Sati : "Yo daktarine anakku, muga-muga aja gelem!"
    …………………………………………………..

    Irah-irahan kannng trep kangge carios ing inggil yaiku....
A) Bawang merah Bawang Putih
B) Malin Kundang
C) Ande-ande Lumut
D) Jaka Tarub
  • 26. Wacanen pacelathon ing ngandhap iki!

    Layang Kumitir
    : "Gusti, nuwun sewu pangapunten awit sowan boten tinimbalan. Menika jangganipun Adipati Minakjingga."
    Kencana Wungu
    : "Bagus bagus, nanging kok dudu si Damarwulan?"
    Layang Seta
    : "Gusti Prabu, kakang Damarwulan sampun seda rikala lumawan Minakjingga, katungka duginipun kula sakloron mbiyantu ngantos pejahipun Minakjingga nanging kakang Damarwulan ugi pejah."
    Damar wulan
    : (Damrwulan teka) "Dusta! Gusti, kula badhe matur bilih kula ingkang sampun saged ngasoraken Minakjingga."
    Kencana Wungu
    : "Lho, lho? Kepiye ta iki? Mau jarene Layang Seta lan Layang Kumitir sing wis ngasorake Minakjingga."
    Layang Kumitir
    : "Gusti Prabu, menika namung pikolehipun Damarwulan mitnah kula lan Layang Seta."
    Kencana Wungu
    : "Aku kepingin ngerti, Seta lan Kumitir, kepriye anggonmu mateni Minakjingga?"
    Layang Seta
    : "Kula kaliyan adhi kula menika mungsuh Minakjingga. Adhi kula, kula dadosake umpan, lajeng kula magas Jangganipun saking wingking"
    Kencana Wungu : "Banjur kepriye anggonmu magas janggane Minakjingga, Damarwulan?"
    Damar wulan
    : "Mekaten Gusti, kula prang tandhing kaliyan Minakjingga. Ananging kula dipunpejahi ngagem Gada Wesi Kuning. Lajeng kula saged gesang malih amargi Diajeng Waita Kaliyan Puyengan mulihake kula ngagem pusakanipun Minakjingga inggih menika pedhang sokayana. Lajeng Minakjingga nyaketi kula, lajeng kula gebug ngagem pusakanipun piyambak inggih menika gada wesi kuning."
    Kencana Wungu
    : "Saka ngendi sira bisa duwe pusaka Gada Wesi Kuning?"
    Damar wulan
    : "Awit pambiyantunipun Diajeng Waita lan Puyengan ingkang
    nyidra saking gedhong pusaka Blambangan."
    Kencana Wungu
    : "Cukup! Ingsun netepake yen ta Damarwulan bener lan jumeneng nata ing Majapahit."

    Layang Seta lan Layang Kumitir nggadahi watak ….
A) Seneng tetulung
B) Sabar narima
C) Gampang adu-adu
D) Tukang ngapusi
  • 27. Wacanen pacelathon ing ngandhap iki!

    Damarwulan saged ngasorake (ngalahake) Minakjingga kanthi cara …
A) Ndadosaken Layang Seta lan Layang Kumitir umpan kagem magas jangganipun Minakjingga.
B) Nyuwun kadigdayan ingkang dipungadhahi Waita lan Puyengan.
C) Angsal pambiyantune Layang Seta lan Layang Kumitir.
D) Ngebug Minakjingga ngagem pusakanipun piyambak, inggih menika gada wesi kuning.
  • 28. Wacanen pacelathon ing ngandhap iki!

    Layang Kumitir
    : "Gusti, nuwun sewu pangapunten awit sowan boten tinimbalan. Menika jangganipun Adipati Minakjingga."
    Kencana Wungu
    : "Bagus bagus, nanging kok dudu si Damarwulan?"
    Layang Seta
    : "Gusti Prabu, kakang Damarwulan sampun seda rikala lumawan Minakjingga, katungka duginipun kula sakloron mbiyantu ngantos pejahipun Minakjingga nanging kakang Damarwulan ugi pejah."
    Damar wulan
    : (Damrwulan teka) "Dusta! Gusti, kula badhe matur bilih kula ingkang sampun saged ngasoraken Minakjingga."
    Kencana Wungu
    : "Lho, lho? Kepiye ta iki? Mau jarene Layang Seta lan Layang Kumitir sing wis ngasorake Minakjingga."
    Layang Kumitir
    : "Gusti Prabu, menika namung pikolehipun Damarwulan mitnah kula lan Layang Seta."
    Kencana Wungu
    : "Aku kepingin ngerti, Seta lan Kumitir, kepriye anggonmu mateni Minakjingga?"
    Layang Seta
    : "Kula kaliyan adhi kula menika mungsuh Minakjingga. Adhi kula, kula dadosake umpan, lajeng kula magas Jangganipun saking wingking"
    Kencana Wungu : "Banjur kepriye anggonmu magas janggane Minakjingga, Damarwulan?"
    Damar wulan
    : "Mekaten Gusti, kula prang tandhing kaliyan Minakjingga. Ananging kula dipunpejahi ngagem Gada Wesi Kuning. Lajeng kula saged gesang malih amargi Diajeng Waita Kaliyan Puyengan mulihake kula ngagem pusakanipun Minakjingga inggih menika pedhang sokayana. Lajeng Minakjingga nyaketi kula, lajeng kula gebug ngagem pusakanipun piyambak inggih menika gada wesi kuning."
    Kencana Wungu
    : "Saka ngendi sira bisa duwe pusaka Gada Wesi Kuning?"
    Damar wulan
    : "Awit pambiyantunipun Diajeng Waita lan Puyengan ingkang
    nyidra saking gedhong pusaka Blambangan."
    Kencana Wungu
    : "Cukup! Ingsun netepake yen ta Damarwulan bener lan jumeneng nata ing Majapahit."

    Pesen moral ingkang saged kapundhut saking cerita ing inggil inggih menika …
A) Tumindaka bener, aja ngapusi supaya bisa mukti.
B) Kudu njaga pusaka kang diduweni supaya bisa menang anggone perang.
C) Aja sakarepe dhewe anggone nemtokake keputusan.
D) Aja nglarani sadulur.
  • 29. Wacanen pacelathon ing ngandhap iki!

    Layang Kumitir
    : "Gusti, nuwun sewu pangapunten awit sowan boten tinimbalan. Menika jangganipun Adipati Minakjingga."
    Kencana Wungu
    : "Bagus bagus, nanging kok dudu si Damarwulan?"
    Layang Seta
    : "Gusti Prabu, kakang Damarwulan sampun seda rikala lumawan Minakjingga, katungka duginipun kula sakloron mbiyantu ngantos pejahipun Minakjingga nanging kakang Damarwulan ugi pejah."
    Damar wulan
    : (Damrwulan teka) "Dusta! Gusti, kula badhe matur bilih kula ingkang sampun saged ngasoraken Minakjingga."
    Kencana Wungu
    : "Lho, lho? Kepiye ta iki? Mau jarene Layang Seta lan Layang Kumitir sing wis ngasorake Minakjingga."
    Layang Kumitir
    : "Gusti Prabu, menika namung pikolehipun Damarwulan mitnah kula lan Layang Seta."
    Kencana Wungu
    : "Aku kepingin ngerti, Seta lan Kumitir, kepriye anggonmu mateni Minakjingga?"
    Layang Seta
    : "Kula kaliyan adhi kula menika mungsuh Minakjingga. Adhi kula, kula dadosake umpan, lajeng kula magas Jangganipun saking wingking"
    Kencana Wungu : "Banjur kepriye anggonmu magas janggane Minakjingga, Damarwulan?"
    Damar wulan
    : "Mekaten Gusti, kula prang tandhing kaliyan Minakjingga. Ananging kula dipunpejahi ngagem Gada Wesi Kuning. Lajeng kula saged gesang malih amargi Diajeng Waita Kaliyan Puyengan mulihake kula ngagem pusakanipun Minakjingga inggih menika pedhang sokayana. Lajeng Minakjingga nyaketi kula, lajeng kula gebug ngagem pusakanipun piyambak inggih menika gada wesi kuning."
    Kencana Wungu
    : "Saka ngendi sira bisa duwe pusaka Gada Wesi Kuning?"
    Damar wulan
    : "Awit pambiyantunipun Diajeng Waita lan Puyengan ingkang
    nyidra saking gedhong pusaka Blambangan."
    Kencana Wungu
    : "Cukup! Ingsun netepake yen ta Damarwulan bener lan jumeneng nata ing Majapahit."

    Pranyatan ingkang trep kalian cerita ing inggil inggih menika ….
A) Ratu Kencana Wungu netepake Layang Seta lan Layang Kumitir jumeneng nata ing Majapahit.
B) Damar wulan angsal pusaka gada wesi kuning saking pambiyantune Waita lan Puyengan.
C) Ratu Kencana Wungu percaya menawi Damarwulan punika tukang fitnah.
D) Damar wulan seda nalika perang tandhing lumawan Minakjingga.
  • 30. Wacanen pacelathon ing ngandhap iki!

    Layang Kumitir
    : "Gusti, nuwun sewu pangapunten awit sowan boten tinimbalan. Menika jangganipun Adipati Minakjingga."
    Kencana Wungu
    : "Bagus bagus, nanging kok dudu si Damarwulan?"
    Layang Seta
    : "Gusti Prabu, kakang Damarwulan sampun seda rikala lumawan Minakjingga, katungka duginipun kula sakloron mbiyantu ngantos pejahipun Minakjingga nanging kakang Damarwulan ugi pejah."
    Damar wulan
    : (Damrwulan teka) "Dusta! Gusti, kula badhe matur bilih kula ingkang sampun saged ngasoraken Minakjingga."
    Kencana Wungu
    : "Lho, lho? Kepiye ta iki? Mau jarene Layang Seta lan Layang Kumitir sing wis ngasorake Minakjingga."
    Layang Kumitir
    : "Gusti Prabu, menika namung pikolehipun Damarwulan mitnah kula lan Layang Seta."
    Kencana Wungu
    : "Aku kepingin ngerti, Seta lan Kumitir, kepriye anggonmu mateni Minakjingga?"
    Layang Seta
    : "Kula kaliyan adhi kula menika mungsuh Minakjingga. Adhi kula, kula dadosake umpan, lajeng kula magas Jangganipun saking wingking"
    Kencana Wungu : "Banjur kepriye anggonmu magas janggane Minakjingga, Damarwulan?"
    Damar wulan
    : "Mekaten Gusti, kula prang tandhing kaliyan Minakjingga. Ananging kula dipunpejahi ngagem Gada Wesi Kuning. Lajeng kula saged gesang malih amargi Diajeng Waita Kaliyan Puyengan mulihake kula ngagem pusakanipun Minakjingga inggih menika pedhang sokayana. Lajeng Minakjingga nyaketi kula, lajeng kula gebug ngagem pusakanipun piyambak inggih menika gada wesi kuning."
    Kencana Wungu
    : "Saka ngendi sira bisa duwe pusaka Gada Wesi Kuning?"
    Damar wulan
    : "Awit pambiyantunipun Diajeng Waita lan Puyengan ingkang
    nyidra saking gedhong pusaka Blambangan."
    Kencana Wungu
    : "Cukup! Ingsun netepake yen ta Damarwulan bener lan jumeneng nata ing Majapahit."

    Punggelan teks drama ing inggil kalebet drama tradhisional ingkang dipun wastani ….
A) Wayang wong
B) Ketoprak
C) Ludruk
D) Jemblung
  • 31. Ing sajroning perang Baratayudha kang sansaya sengit. Ing panggung ana Yudhistira, Arjuna, lan Kresna.

    Yudhistira
    : "Kaka Prabu, kula rumaos boten saged nglajengaken perang punika, raosing ciut manah kula, sampun boten kuwawa nandhang dhuhkita tinilar pawongan ingkang kinasih. Punapa malih milih para kadhang Pandhawa dadi senopati."
    Kresna
    : "Ora, Yudhistira, perang kudu terus lumaku, yen sliramu ora bisa netepake sapa kang kudu dadi senopati, aku minangka penasehat netepake Arjuna sing kudu dadi senopati."
    Arjuna
    : "Kaka Prabu, kula boten sagah menawi nglampahi palagan kalih kadang sepuh pribadhi."
    Kresna
    : "Arjuna, elinga iki dudu perkara sedulur apa dudu sedulur. Perang Baratayudha iki wujud perang antara bebener lan kamurkan."

    Konflik kang dumadi wonten punggelan drama ing inggil inggih menika ….
A) Yudhistira ora seneng didadekake senopati perang.
B) Kresna kepingin didekake senopati perang.
C) Arjuna mboten sagah dados senopati perang.
D) Kabeh sarujuk menawa perang baratayudha dipun pungkasi.
  • 32. Ing sajroning perang Baratayudha kang sansaya sengit. Ing panggung ana Yudhistira, Arjuna, lan Kresna.

    Yudhistira
    : "Kaka Prabu, kula rumaos boten saged nglajengaken perang punika, raosing ciut manah kula, sampun boten kuwawa nandhang dhuhkita tinilar pawongan ingkang kinasih. Punapa malih milih para kadhang Pandhawa dadi senopati."
    Kresna
    : "Ora, Yudhistira, perang kudu terus lumaku, yen sliramu ora bisa netepake sapa kang kudu dadi senopati, aku minangka penasehat netepake Arjuna sing kudu dadi senopati."
    Arjuna
    : "Kaka Prabu, kula boten sagah menawi nglampahi palagan kalih kadang sepuh pribadhi."
    Kresna
    : "Arjuna, elinga iki dudu perkara sedulur apa dudu sedulur. Perang Baratayudha iki wujud perang antara bebener lan kamurkan."

    Punggelan drama tradhisional ing inggil dipun wastani ….
A) Ludruk
B) Ketoprak
C) Wayang wong
D) Janger
  • 33. Mbok Randha lan sadulur Kleting ora seneng yen Kleting Kuning melu sayembara. Mula, Kleting Kuning diutus mbok Randha lan sadulure Kleting kanggo ngumbahi klambi ing kali.

    Mbok Randha
    : "Kleting Kuning, mrenea!"
    Kleting Kuning
    : "Wonten napa, Mbok?"
    Mbok Randha
    : "Kumbahen klambi iki kabeh, sadurunge bedhug kudu uwes mari."
    Kleting Kuning
    : "Niki kathah sanget, Mbok."
    Mbok Randha
    : "Ora usah protes, sarampunge umbah-umbah, age-age masak banjur menyang tegalan undhuh kacang. Aku arep menyang kutha karo para Kleting kanggo melu sayembara. Awas, yen mengko penggaweyanmu ora rampung!"
    Kleting Kuning
    : "Nanging, Mbok?"
    Mbok Randha
    : "Apa njaluk daktambahi maneh penggaweyanmu?"
    Kleting Kuning
    : "Mboten, Mbok."

    Kleting Kuning nangis

    Kleting Kuning
    : "Duh Gusti, kados mekaten nasib kula. Simbok lan Mbakyu Kleting saben dina mung nyiksa aku. Kabeh pakaryan aku sing ngrampungi. Masak, umbah-umbah, uga menyang tegalan ya mung aku sing nyandhak. Paringi kula sabar, Gusti, ugi paringi kula dalan saget tumut sayembara."

    Saking punggelan drama ing inggil, Mbok Randha niku minangka paraga ….
A) Epilog
B) Prolog
C) Protagonis
D) Antagonis
  • 34. Mbok Randha lan sadulur Kleting ora seneng yen Kleting Kuning melu sayembara. Mula, Kleting Kuning diutus mbok Randha lan sadulure Kleting kanggo ngumbahi klambi ing kali.

    Mbok Randha
    : "Kleting Kuning, mrenea!"
    Kleting Kuning
    : "Wonten napa, Mbok?"
    Mbok Randha
    : "Kumbahen klambi iki kabeh, sadurunge bedhug kudu uwes mari."
    Kleting Kuning
    : "Niki kathah sanget, Mbok."
    Mbok Randha
    : "Ora usah protes, sarampunge umbah-umbah, age-age masak banjur menyang tegalan undhuh kacang. Aku arep menyang kutha karo para Kleting kanggo melu sayembara. Awas, yen mengko penggaweyanmu ora rampung!"
    Kleting Kuning
    : "Nanging, Mbok?"
    Mbok Randha
    : "Apa njaluk daktambahi maneh penggaweyanmu?"
    Kleting Kuning
    : "Mboten, Mbok."

    Kleting Kuning nangis

    Kleting Kuning
    : "Duh Gusti, kados mekaten nasib kula. Simbok lan Mbakyu Kleting saben dina mung nyiksa aku. Kabeh pakaryan aku sing ngrampungi. Masak, umbah-umbah, uga menyang tegalan ya mung aku sing nyandhak. Paringi kula sabar, Gusti, ugi paringi kula dalan saget tumut sayembara."

    Latar sawasana punggelan teks drama ing inggil inggih menika ….
A) Nelangsa
B) Nggegirisi
C) Bungah
D) Kuciwa
  • 35. Punggelan teks drama Ande-Ande Lumut badhe dipentasake dening Rona. Rona guneman ijen ing panggung kagem meranake paraga Mbok Randha lan Kleting Kuning.

    Paraga Rona kasebut dipun wastani ….
A) Epilog
B) Prolog
C) Dialog
D) Monolog
  • 36. Assalamualaikum wr. wb.
    Bapak kepala madrasah ingkang kinurmatan
    Bapak saha ibu guru ingkang satuhu luhuring budi
    Para kanca kang kula tresnani
    Sumangga langkung rumiyin ngaturaken syukur dhumateng Gusti Mahakwasa ingkang sampun paring rahmat saengga kita saged makempal kanthi bagas waras wonten ing pahargyan pengetan dinten Kartini puniki.
    Pengetan dinten Kartini wigatos sanget tumrap kula panjenengan sedaya. R.A. Kartini pindanipun sekar ingkang tansah mbabar angambar ganda arum ing bangsa Indonesia. Labuh lebetipun R.A. kartini saestu luhur sanget tumrap kaum Wanita. Langkung-langkung ing wekdal sapunika ingkang taksih kedah meres penggalih kagem majengipun bangsa.
    Pancen sampun dipunkodrataken para wanita saha limrah nggadahi raos ingkang kalangkung alus. Sanadyan makaten, awit saking pangribawanipun lelabetanipun Ibu Kartini, para wanita saged nggadahi manah ingkang tansah makantar pindha waja ngudi kautaman.
    Kanthi makaten, sumangga kadang-kadang putri sami saged nglajengaken gegayuhan tuwin lelabetanipun Ibu Kartini ingkang luhur punika. Tansah ngudi jatidhirinipun putri Indonesia ingkang prasaja, mrantasi sadengah karya.
    (……………………………………..)
    Wassalamualaikum wr. wb.

    Miturut teks ing inggil, kang kalebet perangan pambuka inggih menika ….
A) Pancen sampun dipunkodrataken para wanita saha limrah nggadahi raos ingkang kalangkung alus.
B) Sumangga langkung rumiyin ngaturaken syukur dhumateng Gusti Mahakwasa ingkang sampun paring rahmat
C) Bapak kepala madrasah ingkang kinurmatan, Bapak saha ibu guru ingkang satuhu luhuring budi, Para kanca kang kula tresnani
D) Assalamualaikum wr. wb
  • 37. Assalamualaikum wr. wb.
    Bapak kepala madrasah ingkang kinurmatan
    Bapak saha ibu guru ingkang satuhu luhuring budi
    Para kanca kang kula tresnani
    Sumangga langkung rumiyin ngaturaken syukur dhumateng Gusti Mahakwasa ingkang sampun paring rahmat saengga kita saged makempal kanthi bagas waras wonten ing pahargyan pengetan dinten Kartini puniki.
    Pengetan dinten Kartini wigatos sanget tumrap kula panjenengan sedaya. R.A. Kartini pindanipun sekar ingkang tansah mbabar angambar ganda arum ing bangsa Indonesia. Labuh lebetipun R.A. kartini saestu luhur sanget tumrap kaum Wanita. Langkung-langkung ing wekdal sapunika ingkang taksih kedah meres penggalih kagem majengipun bangsa.
    Pancen sampun dipunkodrataken para wanita saha limrah nggadahi raos ingkang kalangkung alus. Sanadyan makaten, awit saking pangribawanipun lelabetanipun Ibu Kartini, para wanita saged nggadahi manah ingkang tansah makantar pindha waja ngudi kautaman.
    Kanthi makaten, sumangga kadang-kadang putri sami saged nglajengaken gegayuhan tuwin lelabetanipun Ibu Kartini ingkang luhur punika. Tansah ngudi jatidhirinipun putri Indonesia ingkang prasaja, mrantasi sadengah karya.
    (……………………………………..)
    Wassalamualaikum wr. wb.

    Isi teks pidhato ing inggil yaiku ….
A) Jinis-jinis lomba kang bakal ditindakake kagem mengeti dina Kartini.
B) Pangajak kagem para wanita supaya nggadahi buku Habis Gelap Terbitlah Terang karangan R.A. Kartini.
C) Lelabetanipun Ibu Kartini tumrap para wanita Indonesia.
D) Reroncening adicara pengetan dinten Kartini.
  • 38. Assalamualaikum wr. wb.
    Bapak kepala madrasah ingkang kinurmatan
    Bapak saha ibu guru ingkang satuhu luhuring budi
    Para kanca kang kula tresnani
    Sumangga langkung rumiyin ngaturaken syukur dhumateng Gusti Mahakwasa ingkang sampun paring rahmat saengga kita saged makempal kanthi bagas waras wonten ing pahargyan pengetan dinten Kartini puniki.
    Pengetan dinten Kartini wigatos sanget tumrap kula panjenengan sedaya. R.A. Kartini pindanipun sekar ingkang tansah mbabar angambar ganda arum ing bangsa Indonesia. Labuh lebetipun R.A. kartini saestu luhur sanget tumrap kaum Wanita. Langkung-langkung ing wekdal sapunika ingkang taksih kedah meres penggalih kagem majengipun bangsa.
    Pancen sampun dipunkodrataken para wanita saha limrah nggadahi raos ingkang kalangkung alus. Sanadyan makaten, awit saking pangribawanipun lelabetanipun Ibu Kartini, para wanita saged nggadahi manah ingkang tansah makantar pindha waja ngudi kautaman.
    Kanthi makaten, sumangga kadang-kadang putri sami saged nglajengaken gegayuhan tuwin lelabetanipun Ibu Kartini ingkang luhur punika. Tansah ngudi jatidhirinipun putri Indonesia ingkang prasaja, mrantasi sadengah karya.
    (……………………………………..)
    Wassalamualaikum wr. wb.

    Tuladha pangarep-arep saking teks pidhato ing inggil inggih menika ….
A) Mugi-mugi putri Indonesia kedah saged makarya ing mancanegara.
B) Para wanita kudu nganakake pengetan dinten Kartini sesarengan.
C) Pamarentah kedah saget ndadosaken R.A. Kartini minangka Pahlawan Nasional.
D) Para kadang putri supados sami saged nglajengaken gegayuhan tuwin lelabetanipun Ibu Kartini ingkang luhur.
  • 39. Assalamualaikum wr. wb.
    Bapak kepala madrasah ingkang kinurmatan
    Bapak saha ibu guru ingkang satuhu luhuring budi
    Para kanca kang kula tresnani
    Sumangga langkung rumiyin ngaturaken syukur dhumateng Gusti Mahakwasa ingkang sampun paring rahmat saengga kita saged makempal kanthi bagas waras wonten ing pahargyan pengetan dinten Kartini puniki.
    Pengetan dinten Kartini wigatos sanget tumrap kula panjenengan sedaya. R.A. Kartini pindanipun sekar ingkang tansah mbabar angambar ganda arum ing bangsa Indonesia. Labuh lebetipun R.A. kartini saestu luhur sanget tumrap kaum Wanita. Langkung-langkung ing wekdal sapunika ingkang taksih kedah meres penggalih kagem majengipun bangsa.
    Pancen sampun dipunkodrataken para wanita saha limrah nggadahi raos ingkang kalangkung alus. Sanadyan makaten, awit saking pangribawanipun lelabetanipun Ibu Kartini, para wanita saged nggadahi manah ingkang tansah makantar pindha waja ngudi kautaman.
    Kanthi makaten, sumangga kadang-kadang putri sami saged nglajengaken gegayuhan tuwin lelabetanipun Ibu Kartini ingkang luhur punika. Tansah ngudi jatidhirinipun putri Indonesia ingkang prasaja, mrantasi sadengah karya.
    (……………………………………..)
    Wassalamualaikum wr. wb.

    Supados teks pidhato ing inggil jangkep, bagian cecek-cecek (titik-titik) kedah (harus) diisi ….
A) Sumangga kita mengeti dinten Kartini sesarengan kanthi ngawontenaken lomba-lomba.
B) Pengetan dinten Kartini menika wigati sanget tumprap majuning bangsa.
C) Sholawat saha salam tansah kalimpahaken dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW.
D) Cekap semanten atur kula, menawi wonten kalepatan kula nyuwun agunging pangapunten.
  • 40. Assalamualaikum wr. wb.
    Bapak kepala madrasah ingkang kinurmatan
    Bapak saha ibu guru ingkang satuhu luhuring budi
    Para kanca kang kula tresnani
    Sumangga langkung rumiyin ngaturaken syukur dhumateng Gusti Mahakwasa ingkang sampun paring rahmat saengga kita saged makempal kanthi bagas waras wonten ing pahargyan pengetan dinten Kartini puniki.
    Pengetan dinten Kartini wigatos sanget tumrap kula panjenengan sedaya. R.A. Kartini pindanipun sekar ingkang tansah mbabar angambar ganda arum ing bangsa Indonesia. Labuh lebetipun R.A. kartini saestu luhur sanget tumrap kaum Wanita. Langkung-langkung ing wekdal sapunika ingkang taksih kedah meres penggalih kagem majengipun bangsa.
    Pancen sampun dipunkodrataken para wanita saha limrah nggadahi raos ingkang kalangkung alus. Sanadyan makaten, awit saking pangribawanipun lelabetanipun Ibu Kartini, para wanita saged nggadahi manah ingkang tansah makantar pindha waja ngudi kautaman.
    Kanthi makaten, sumangga kadang-kadang putri sami saged nglajengaken gegayuhan tuwin lelabetanipun Ibu Kartini ingkang luhur punika. Tansah ngudi jatidhirinipun putri Indonesia ingkang prasaja, mrantasi sadengah karya.
    (……………………………………..)
    Wassalamualaikum wr. wb.

    Ukara kang trep kalian isi teks pidhato ing inggil inggih menika ….
A) Lelabetanipun R.A. Kartini kirang diugemi masyarakat Indonesia.
B) Pengetan dinten Kartini boten wigatos tumrap kula panjenengan sedaya.
C) Awit saking pangribawanipun lelabetanipun Ibu Kartini, para wanita saged nggadahi manah ingkang tansah makantar.
D) Pancen sampun dipunkodrataken menawi para wanita nggadahi tumindhak ingkang kalangkung kuat.
  • 41. Sebutna struktur teks palapuran asil observasi!
  • 42. Jlentrehna unsur-unsur ing teks drama/sandhiwara!
  • 43. Ubahen ukara ing ngisor iki dadi basa krama inggil (krama alus)!

    a. Bapak budhal menyang Suroboyo numpak sepur.
    b. Pakdhe moco majalah Penjebar Semangat karo ngombe kopi.
    c. Omahe Pak RT dirampok maling wingi bengi.
  • 44. Marang sopo wae unggah-ungguh basa krama inggil (krama alus) digunakake?
  • 45. Jlentrehna jinis-jinise teks tanggap wacana (pidhato)!
Siswa yang mengerjakan tes ini juga mengerjakan :

Dibuat dengan That Quiz — tempat pembuatan dan pengerjaan tes menjadi mudah untuk matematika dan bidang studi lainnya.