REMIDI PTS GENAP KELAS 7
  • 1. Kali Cilik Ngarep Omahku
    (dening: Eko Nuryono)

    Kali cilik ing omahku kuwi
    Saiki banyune buthek, kebak lendhut
    Ijone lumut lan iwak-iwak cethul
    Kang biyen lelumban ing selane watu
    Saiki kaganti lemut lan uget-uget

    Kali cilik ing ngarep omahku kuwi
    Biyen resik lan bening banyne
    Lungguh jejagongan karo sikil ongkang-ongkang
    Sinambi namatake mripatmu kang bening

    Kasongan, Mei 2008
    Kapethik saka: antologi crita cekak lan geguritan “pasewakan”
    Kongres Sastra Jawa III/2015
    Irah-irahane geguritan ing dhuwur, yaiku... .
A) Kasongan
B) Kali cilik
C) Pasewakan
D) Kali cilik ngarep omahku
  • 2. Geguritan “Kali Cilik Ngarep Omahku” ing dhuwur anggitane... .
A) Peserta Kongres Sastra Jawa
B) Kasongan
C) Pasewakan
D) Eko Nuryono
  • 3. Geguritan ing dhuwur dumadi saka ... pada lan ... gatra.
A) 2, 9
B) 10, 2
C) 2, 5
D) 2, 10
  • 4. Tema geguritan Geguritan “Kali Cilik Ngarep Omahku” ngrembug babagan... .
A) Omahe penggurit sing ana kaline
B) Kali cilik kang akeh iwake cethul
C) Kali dhek biyen resik saiki malih dadi reged
D) Kali cilik ing ngarep omah sing wis malih
  • 5. Pada kapisan geguritan Geguritan “Kali Cilik Ngarep Omahku” nggambarake kahanan... .
A) Omahe pengggurit
B) Kali kang kebak iwak cethul
C) Kali kang resik lan bening
D) Kali kang buthek lan kebak lendhut
  • 6. “kang biyen lelumban ing selane watu”, tembung lelumban ngemu tegese... .
A) nglangi
B) mancing
C) nyilem
D) umpan
  • 7. Geguritan iku puisi Jawa gagrag anyar kang titikane ...
A) Kaiket dening guru gatra, giri lagu, lan guru wilangan
B) Ora kaiket dening guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu
C) Kaiket dening guru wanda, guru swara, lan guru gatra
D) Kaiket dening guru lagu, guru wilangan, lan guru swara
  • 8. Lelandhesan utawa pokok masalah kang dirembug ing geguritan, diarani... .
A) amanat
B) latar
C) diksi
D) tema
  • 9. Pamilihe tembung sing trep, mentes, lan mantesi ing geguritan diarani... .
A) latar
B) amanat
C) tema
D) diksi
  • 10. Wirama lan lagune geguritan diarani... .
A) tema
B) diksi
C) musikalitas
D) amanat
  • 11. “ayo kanca sayuk rukun
    Nggayuh elmu kasihatan iku
    Guna kanggo sangu laku urip kang bekti
    Ya dadya srana sinau
    Pasinaon kang linakon”
    Tembang macapat iku kaiket dening paugeran tartamtu, yaiku....
A) Guru lagu, guru swara, lan guru wilangan
B) Guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu
C) guru swra, guru gatra, lan guru lagu
D) guru gatra, guru basa, lan guru wilangan
  • 12. Paugeran guru wilangan lan guru lagune tembang “knanthi”ing dhuwur, yaiku....
A) 8i, 8i, 8e, 8a, 7a, 8u
B) 12i, 6a, 8i, 8a, 8a, 8i
C) 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
D) 8u, 10u, 12i, 8u, 8o
  • 13. Saben tembang macapat duweni wewatekan, yen tembang “Gambuh” yaiku... .
A) grapyak lan sumanak
B) susah lan melas ati
C) sakepenake lan kurang greget
D) tresna asih lan sedih
  • 14. Manut tembang “Gambuh” ing dhuwur, manungsa kudune....
A) Nggayuh elmu kanggo urip bekti
B) waspada lan sinau kasihatan
C) waspada kasihatan kanggo srana sinau
D) Urip kudu sinau lan sihat
  • 15. Pesen moral kang bisa disimpulake saka teks tembang “Gambuh” ing dhuwur yaiku....
A) wong urip iku kudu bisa mawas ing pandulu, ora perlu ngreken liyane
B) wong urip iku becike kudu golek elmu kasihatan kanggo urip kang bekti
C) wong urip iku kudu becik kudu rukun karo sapadha guna kasihatan
D) wong urip iku waspada kasihatan pamawase, duwe ati sabar, taliti lan permati
  • 16. Tembang “Gambuh” nduweni sasmitane....
A) dudukwluh, truh
B) sari bremana, hartatati
C) jumbuh, tambuh
D) tumbuh, tambuh
  • 17. anjasmara ari mami
    masmirah kulaka warta
    dasihmu tan wurung layon
    aneng kutha Probolingga
    Prang tandhing Uru Bisma
    Karia mukti wong ayu
    Pun kakang pamit palastra

    Saka tembang macapat kasebut, kalebu temabng....
A) dhandhanggula
B) Pangkur
C) asmarandana
D) Maskumambang
  • 18. “Pun kakang pamit palastra” ukara kasebut nduweni teges....
A) wis kang mas arep perang
B) wis kang mas arep sekolah
C) Wis kang mas arep dolan
D) Wis kang mas arep lunga
  • 19. Kang dadi wewatekane tembang “pangkur” yaiku....
A) sedih lan kentekan pangarep-arep
B) Susah utawi sedih lan melas asih
C) seneng, antepan ati lan gagah
D) Galak, seneng, lan ngemu kenepson
  • 20. Tembung garba sutra-ye, yaiku tembung loro utawa luwih sing ana aksara y, yen digarba banur muncul akcara y. Tuladhane yaiku....
A) maha + raja = mahraja
B) jalu + estri = jalwestri
C) Ratu + agung = ratwagung
D) Sugih + arta = guyarta
  • 21. yen arep nggoleki Mbak Eti ANENG kutha baru. tembung kang kacithak gedhe kalebu tembung... .
A) entar
B) saroja
C) camboran
D) garba
  • 22. "nalusur marang WARDAYA" tembung kacithak gedhe kalebu tembung... .
A) garba
B) saroja
C) camboran
D) dasanama
  • 23. tembung kaloka+ing, yen digarba ing tembang macapat dadi... .
A) kalwaking
B) kalokeng
C) kalwaning
D) kalwakang
  • 24. "den tliti lawan permati". tembung kang kacithak miring ing gatra kasebut manut wiramane nggunakake purwakanthi ... .
A) guru sastra
B) guru basa
C) guru gatra
D) guru swara
  • 25. tembang maskumambang nduweni wewatekan, yaiku... .
A) grapyak sumanak
B) seneng, tresna asih
C) seneng antepan ati
D) susah lan melas asih
  • 26. "wis, wis, aja DICAMPUR ADUK kaya ngono" tembung kang kacithak gedhe kalebu jinise tembung... .
A) saroja
B) entar
C) dasanama
D) garba
  • 27. ibuku kagolong wong kang JEMBAR DHADHANE" tembung kang kacithak gedhe kalebu tembung... .
A) saroja
B) garba
C) entar
D) dasanama
  • 28. adhuh BIYUNG, tulungana aku" tembung kang kacithak gedhe kalebu tembung... .
A) saroja
B) garba
C) dasanama
D) entar
  • 29. kanggo mangerteni isi geguritan, sakwise mahami maknane tulisan ing saben-saben gatra liyane, sakbanjure kang dilakoke yaikku... .
A) nulis ukara sing dadi gagasan baku
B) negesi tetembungan sing ditulis
C) nggoleki dudutan saka pokok pikiran
D) nggathukake maknane ing antarane gatra siji lan gatra liyene
  • 30. yen arep maca geguritan kanthi endah yaiku... .
A) menehi tandha pawacan
B) meragakake kanthi mimik lan ekspresi
C) nggatekake busana
D) nggatekake teges tetembungan
Students who took this test also took :

Created with That Quiz — the site for test creation and grading in math and other subjects.