REMIDI PTS GENAP KELAS 7
  • 1. Kali Cilik Ngarep Omahku (dening: Eko Nuryono) Kali cilik ing omahku kuwi Saiki banyune buthek, kebak lendhut Ijone lumut lan iwak-iwak cethul Kang biyen lelumban ing selane watu Saiki kaganti lemut lan uget-uget Kali cilik ing ngarep omahku kuwi Biyen resik lan bening banyne Lungguh jejagongan karo sikil ongkang-ongkang Sinambi namatake mripatmu kang bening Kasongan, Mei 2008 Kapethik saka: antologi crita cekak lan geguritan “pasewakan” Kongres Sastra Jawa III/2015 Irah-irahane geguritan ing dhuwur, yaiku... .
A) Kali cilik
B) Pasewakan
C) Kasongan
D) Kali cilik ngarep omahku
  • 2. Geguritan “Kali Cilik Ngarep Omahku” ing dhuwur anggitane... .
A) Eko Nuryono
B) Pasewakan
C) Kasongan
D) Peserta Kongres Sastra Jawa
  • 3. Geguritan ing dhuwur dumadi saka ... pada lan ... gatra.
A) 2, 9
B) 2, 10
C) 10, 2
D) 2, 5
  • 4. Tema geguritan Geguritan “Kali Cilik Ngarep Omahku” ngrembug babagan... .
A) Kali cilik ing ngarep omah sing wis malih
B) Kali cilik kang akeh iwake cethul
C) Omahe penggurit sing ana kaline
D) Kali dhek biyen resik saiki malih dadi reged
  • 5. Pada kapisan geguritan Geguritan “Kali Cilik Ngarep Omahku” nggambarake kahanan... .
A) Kali kang kebak iwak cethul
B) Omahe pengggurit
C) Kali kang buthek lan kebak lendhut
D) Kali kang resik lan bening
  • 6. “kang biyen lelumban ing selane watu”, tembung lelumban ngemu tegese... .
A) nglangi
B) nyilem
C) mancing
D) umpan
  • 7. Geguritan iku puisi Jawa gagrag anyar kang titikane ...
A) Kaiket dening guru gatra, giri lagu, lan guru wilangan
B) Ora kaiket dening guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu
C) Kaiket dening guru lagu, guru wilangan, lan guru swara
D) Kaiket dening guru wanda, guru swara, lan guru gatra
  • 8. Lelandhesan utawa pokok masalah kang dirembug ing geguritan, diarani... .
A) tema
B) amanat
C) latar
D) diksi
  • 9. Pamilihe tembung sing trep, mentes, lan mantesi ing geguritan diarani... .
A) tema
B) diksi
C) latar
D) amanat
  • 10. Wirama lan lagune geguritan diarani... .
A) tema
B) amanat
C) musikalitas
D) diksi
  • 11. “ayo kanca sayuk rukun Nggayuh elmu kasihatan iku Guna kanggo sangu laku urip kang bekti Ya dadya srana sinau Pasinaon kang linakon” Tembang macapat iku kaiket dening paugeran tartamtu, yaiku....
A) guru swra, guru gatra, lan guru lagu
B) guru gatra, guru basa, lan guru wilangan
C) Guru lagu, guru swara, lan guru wilangan
D) Guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu
  • 12. Paugeran guru wilangan lan guru lagune tembang “knanthi”ing dhuwur, yaiku....
A) 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
B) 8u, 10u, 12i, 8u, 8o
C) 8i, 8i, 8e, 8a, 7a, 8u
D) 12i, 6a, 8i, 8a, 8a, 8i
  • 13. Saben tembang macapat duweni wewatekan, yen tembang “Gambuh” yaiku... .
A) sakepenake lan kurang greget
B) susah lan melas ati
C) tresna asih lan sedih
D) grapyak lan sumanak
  • 14. Manut tembang “Gambuh” ing dhuwur, manungsa kudune....
A) waspada lan sinau kasihatan
B) Urip kudu sinau lan sihat
C) waspada kasihatan kanggo srana sinau
D) Nggayuh elmu kanggo urip bekti
  • 15. Pesen moral kang bisa disimpulake saka teks tembang “Gambuh” ing dhuwur yaiku....
A) wong urip iku becike kudu golek elmu kasihatan kanggo urip kang bekti
B) wong urip iku kudu becik kudu rukun karo sapadha guna kasihatan
C) wong urip iku waspada kasihatan pamawase, duwe ati sabar, taliti lan permati
D) wong urip iku kudu bisa mawas ing pandulu, ora perlu ngreken liyane
  • 16. Tembang “Gambuh” nduweni sasmitane....
A) tumbuh, tambuh
B) dudukwluh, truh
C) jumbuh, tambuh
D) sari bremana, hartatati
  • 17. anjasmara ari mami masmirah kulaka warta dasihmu tan wurung layon aneng kutha Probolingga Prang tandhing Uru Bisma Karia mukti wong ayu Pun kakang pamit palastra Saka tembang macapat kasebut, kalebu temabng....
A) dhandhanggula
B) Maskumambang
C) asmarandana
D) Pangkur
  • 18. “Pun kakang pamit palastra” ukara kasebut nduweni teges....
A) Wis kang mas arep dolan
B) wis kang mas arep sekolah
C) wis kang mas arep perang
D) Wis kang mas arep lunga
  • 19. Kang dadi wewatekane tembang “pangkur” yaiku....
A) Susah utawi sedih lan melas asih
B) Galak, seneng, lan ngemu kenepson
C) sedih lan kentekan pangarep-arep
D) seneng, antepan ati lan gagah
  • 20. Tembung garba sutra-ye, yaiku tembung loro utawa luwih sing ana aksara y, yen digarba banur muncul akcara y. Tuladhane yaiku....
A) maha + raja = mahraja
B) Sugih + arta = guyarta
C) jalu + estri = jalwestri
D) Ratu + agung = ratwagung
  • 21. yen arep nggoleki Mbak Eti ANENG kutha baru. tembung kang kacithak gedhe kalebu tembung... .
A) camboran
B) garba
C) saroja
D) entar
  • 22. "nalusur marang WARDAYA" tembung kacithak gedhe kalebu tembung... .
A) garba
B) camboran
C) saroja
D) dasanama
  • 23. tembung kaloka+ing, yen digarba ing tembang macapat dadi... .
A) kalwaking
B) kalwakang
C) kalwaning
D) kalokeng
  • 24. "den tliti lawan permati". tembung kang kacithak miring ing gatra kasebut manut wiramane nggunakake purwakanthi ... .
A) guru sastra
B) guru swara
C) guru basa
D) guru gatra
  • 25. tembang maskumambang nduweni wewatekan, yaiku... .
A) grapyak sumanak
B) seneng, tresna asih
C) seneng antepan ati
D) susah lan melas asih
  • 26. "wis, wis, aja DICAMPUR ADUK kaya ngono" tembung kang kacithak gedhe kalebu jinise tembung... .
A) dasanama
B) garba
C) saroja
D) entar
  • 27. ibuku kagolong wong kang JEMBAR DHADHANE" tembung kang kacithak gedhe kalebu tembung... .
A) dasanama
B) garba
C) entar
D) saroja
  • 28. adhuh BIYUNG, tulungana aku" tembung kang kacithak gedhe kalebu tembung... .
A) entar
B) garba
C) dasanama
D) saroja
  • 29. kanggo mangerteni isi geguritan, sakwise mahami maknane tulisan ing saben-saben gatra liyane, sakbanjure kang dilakoke yaikku... .
A) nggoleki dudutan saka pokok pikiran
B) negesi tetembungan sing ditulis
C) nulis ukara sing dadi gagasan baku
D) nggathukake maknane ing antarane gatra siji lan gatra liyene
  • 30. yen arep maca geguritan kanthi endah yaiku... .
A) nggatekake teges tetembungan
B) meragakake kanthi mimik lan ekspresi
C) menehi tandha pawacan
D) nggatekake busana
Students who took this test also took :

Created with That Quiz — the site for test creation and grading in math and other subjects.