Laqtihan Soal B Jawa SMP Muhammadiyah 4 kelas 7
  • 1. “Uwis Pak. Lah piye, Bapak apa wis maem?” Benere…
A) Sampun Pak. Lah pripun Bapak napa wis dhahar?
B) Sampun Pak. Lah piye, Bapak apa wis mangan?
C) Sampun Pak. Lah pripun Bapak apa wis dhahar?
D) Sampun Pak. Lah pripun Bapak menapa sampun dhahar?
  • 2. Bapak
    : “Kowe apa wis mangan?” Ali
    : “Uwis Pak. Lah piye, Bapak apa wis maem?” Bapak
    : “Uwis!” Basa sing digunakake Ali iku salah, mesthine yen ngomong karo bapak iku gawe basa…
A) Krama alus
B) Krama lugu
C) Ngoko lugu
D) Ngoko alus
  • 3. Budhe kesah dhateng Solo, tumbas kain bathik. Ukara kasebut yen diowahi nganggo basa krama sing alus dadi…
A) Budhe tindak menyang Solo, mundhut kain bathik.
B) Budhe tindak dhateng Solo, mundhut kain bathik.
C) Budhe kesah dhateng Solo, mundhut kain bathik.
D) Budhe lunga menyang Solo, tumbas kain bathik
  • 4. Bu Hesti saking peken ngasta angsal-angsal. Ukara kasebut yen disalin menyang basa karma lugu dadi…
A) Bu Hesti saking peken mbeta angsal-angsal
B) Bu Hesti saking peken mbeta oleh-oleh
C) Bu Hesti saking pasar ngasta oleh-oleh
D) Bu Hesti saka pasar nggawa oleh-oleh
  • 5. Ing ngisor iki tuladhane basa karma alus yaiku…
A) Dhek wingi aku menang lomba maca guritan
B) Rama boten kersa dhahar amargi gerah wajah
C) Eyangku isih durung bisa kondur saiki jalaran isih tindak pasar
D) Dhek mau ibu tindak menyang pasar nitih becak
  • 6. Basa karma alus prayogane digunakake tumrap kaya kang kasebut ing ngisor iki, kajaba…
A) Putu marang eyang / simbahe
B) Murid marang gurune
C) Anak marang bapak / ibune
D) Bapak / ibu marang anak
  • 7. Basa krama kecampuran krama inggil sing digunakake marang wong luwih tuwa utawa luwih diajeni uga diarani basa…
A) Krama Alus
B) Krama Lugu
C) Ngoko Lugu
D) Ngoko Alus
  • 8. Ing ngisor iki pengangone basa krama lugu, kejaba…
A) Kanca raket nanging padha ngajeni
B) Ing swasana resmi (upamane lagi macakake rantaman adicara)
C) Wong sing sadrajad nanging padha ngajeni
D) Wong biasa sing durung nate tepung utawa durung akrab
  • 9. Ibu tindak toko mundhutake sepatune mas Andri. Ngoko lugune yaiku…
A) Ibu menyang toko mundhutake sepatune mas Andri
B) Ibu lungo toko njupukake sepatune mas Andri
C) Ibu tindak toko nukokake sepatune mas Andri
D) Ibu menyang toko nukokake sepatune mas Andri
  • 10. Kowe arep lunga menyang ngendi? Ukara kasebut yen disalin ing basa ngoko alus dadi…
A) Sampeyan arep kesah menyang ngendi?
B) Panjenengan badhe tindak dhateng pundi?
C) Sampeyan badhe kesah dhateng pundi?
D) Panjenengan arep tindak menyang ngendi?
  • 11. Tembung singwis owah saka asale diarani tembung ….
A) Entar
B) Garba
C) Andhahan
D) Saroja
  • 12. Ing ngisor iki sing kalebu tuladhane tembung lingga, kajaba ….
A) Tuku
B) Pangan
C) Tambah
D) Mangan
  • 13. Tembung ing ngisor iki sing dadi tuladhane tembung andhahan, kajaba ….
A) Lungguh
B) Kokgawa
C) Dakpangan
D) Disuwek
  • 14. Obyek wisata pantai watu ula lan rembangan iku manggon ing kabupaten ….
A) Jember
B) Pasuruan
C) Surabaya
D) Banyuwangi
  • 15. Ing ngisor iki kalebu objek wisata sing ana ing kutha Surabaya, kajaba ….
A) Monumen kapal selam
B) Jatim Park II
C) THR
D) Kebun binatang Surabaya
  • 16. Museum purbakala lan situs peninggalan Kerajaan Majapahit kalebu obyek wisata andhalan saka kutha ….
A) Pasurun
B) Sidoarjo
C) Mojokerto
D) Jombang
  • 17. Candi brahu, candi gentong, Gapura Wringin Lawang, kolam Segaran, Candi Menakjingga, Candi Bajang ratu, lan sakpiturute kalebu situs tinggalane kraton ….
A) Jenggala
B) Kediri
C) Singasari
D) Majapahit
  • 18. Tembung-tembung sin durung owah saka asale lan bisa madeg dhewe diarani tembung ….
A) Andhahan
B) Lingga
C) Dwilingga
D) Kriya lingga
  • 19. Tembung ing ngisor iki kang kalebu rimbag rangkep dwipurwa yaiku ….
A) Bocah-bocah
B) Cekat-cekot
C) Leluhur
D) Celuluk
  • 20. Tembung-tembung ingngisor iki sing kalebu rimbag rangkep dwilingga yaiku ….
A) Ndhepipis
B) Antem-anteman
C) Bocah-bocah
D) Wira-wiri
Students who took this test also took :

Created with That Quiz — a math test site for students of all grade levels.